Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 10:33 - Kitab Sutji

33 Tumuli ana wong Samaria, kang lelungan uga liwat ing kono. Bareng weruh wong mau, trenyuh atine marga saka welase.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 10:33
14 Iomraidhean Croise  

Paduka mugi karsaa paring pangapunten dhumateng umat Paduka ingkang sampun dosa dhumateng Paduka punika, karsaa ngapunten sakathahing panerakipun ingkang katandukaken dhumateng Paduka punika, saha mugi Paduka karsaa ndadosaken tiyang-tiyang wau sami tampi sih-piwelasipun para tiyang ingkang mboyongi kadadosaken tawanan, satemah lajeng sami dipun welasi,


Bareng dibukak, mirsa bayine lagi nangis, temah runtuh welase sarta ngandika: “Bayi iki genah anake wong Ibrani!”


Aja ninggal mitramu sarta mitrane bapakmu, lan ing dina karibedanmu aja marani ing omahe sadulurmu, becik nekani tangga kang cedhak katimbang sadulur kang adoh.


Wong rolas mau padha diutus dening Gusti Yesus sarta diparingi piweling mangkene: “Kowe aja padha nyimpang menyang ing dalane wong kapir lan aja lumebu ing kuthane wong Samaria,


Apa kowe ora wajib melasi marang mitramu, kayadene aku iya wis melasi kowe?


Mangkono uga wong Lewi, kang satekane ing kono lan weruh wong mau iya mung liwat bae, metu ing sabrange dalan.


Wong mau banjur diparani, tatu-tatune diperban, sawise mangkono nuli dikopoh lenga lan anggur, banjur ditunggangake ing kuldine digawa menyang ing panginepan sarta dirukti.


Nalika Gusti mirsa randha mau, trenyuh banget panggalihe marga saka welase, banjur ngandika marang randha mau: “Aja nangis!”


Wong wadon mau banjur munjuk: “Kadospundi dene Panjenengan tiyang Yahudi kok mundhut ngunjuk dhateng kula tiyang Samaria?” (Awit wong Yahudi ora srawung karo wong Samaria.)


Wong Yahudi padha mangsuli: “Rak ya bener, ta, kandhaku yen kowe iku wong Samaria kang kapanjingan dhemit?”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan