LUKAS 10:31 - Kitab Sutji31 Kapinujon ana imam kang liwat ing kono. Bareng weruh wong mau, terus lumaku bae, metu ing sabrange dalan. Faic an caibideil |
Aku sumurup maneh ana ing sangisoring langit, yen ana ing pabalapan iku kang njalari menang dudu rikating playu, lan kaunggulaning perjuangan iku ora kanggo wong kang santosa, uga pangan iku ora kanggo wong kang wicaksana, kasugihan ora kanggo wong kang pinter, sarta kanugrahan ora kanggo wong kang linuwih, amarga wong mau kabeh padha mbarengi mangsa-kalane tuwin pancen nasibe mangkono.
Upama anaa salah sijine panunggalanira kang gelem ngancing lawang, supaya aja nganti sira nyumed geni ana ing misbyahingSun tanpa guna. Sira ora padha ndadekake keparenging galihingSun – mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi, – sarta pisungsung kang saka ing tanganira Ingsun ora karsa nampeni.