temah Elihu bin Barakheel, wong Bus, saka darahe Ram, nepsu. Anggone nepsu marang Ayub iku awit nganggep awake dhewe luwih bener katimbang Gusti Allah.
Wong seje bangsa kang manggon awor karo sira, iku ana ing antaranira dadia kaya wong Israel asli, iku sira tresnanana kaya dene awakira dhewe, awitdene biyen sira iya padha dadi wong neneka ana ing tanah Mesir; Ingsun iki Yehuwah Allahira.
Gusti Yesus tumuli nimbali wong akeh karo para sakabate sarta padha dipangandikani mangkene: “Saben wong kang arep ngetut-buri Aku, iku nyingkura marang awake dhewe, ngangkata salibe lan melua Aku.
Gusti Yesus banjur ngandika marang wong-wong mau: “Kowe iku padha mbenerake awakmu dhewe ana ing ngarepaning wong, nanging Gusti Allah nguningani isining atimu. Sabab apa kang dianggep pinunjul dening manungsa, iku sinengitan dening Allah.
Sabab, padha ora wanuh marang kabeneraning Allah sarta ngarah ngadegake kabenerane dhewe, mulane padha ora sumuyud marang kabeneran kang saka Gusti Allah.
Lan iya wus cetha yen ora ana wong kang kaanggep bener ana ngarsane Gusti Allah marga saka nglakoni angger-anggering Toret, awit: “Wong kang kaanggep bener iku bakal urip marga saka pracaya.”