Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 10:28 - Kitab Sutji

28 Pangandikane Gusti Yesus marang wong mau: “Wangsulanmu iku bener; iku lakonana, temah kowe bakal urip.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 10:28
14 Iomraidhean Croise  

Paduka engetaken supados sami wangsul dhateng angger-angger Paduka. Nanging sami ngatingalaken gumunggungipun, boten mituhu dhateng pepaken Paduka, sami nerak pranatan-pranatan Paduka, mangka inggih punika ingkang dados marginipun tiyang manggih gesang manawi sami nglampahi makaten. Sami masang pundhakipun kangge nglawan, sami ngakenaken githokipun sarta boten purun mirengaken.


Wong kang netepi pepakon, iku rumeksa marang nyawane, nanging kang ngremehake pangandika, bakal mati.


Ana ing kana Sunparingi sumurup bab katetepan-katetepaningSun lan paring uninga bab pranatan-pranataningSun, anadene wong kang nindakake iku bakal urip.


Nanging turune Israel ana ing ara-ara samun padha mbalela marang Ingsun; lakune padha ora manut ing katetepaningSun sarta padha nampik marang pranataningSun, mangka wong kang nindakake bakal urip. Kasucening dina-dina SabatingSun uga banget anggone katerak. Mulane karsaningSun bakal padha Sunesoki bebenduningSun ana ing ara-ara samun iku sarta bakal kasirnakake.


Nanging anake padha mbalela marang Ingsun, lakune ora manut katetepaningSun lan ora nindakake pranataningSun kalawan setya, mangka sing sapa nindakake iku, bakal urip. Uga padha nerak kasucening dina-dina SabatingSun. Mulane karsaningSun bakal Sunesoki bebenduningSun, Sundhawahi dedukaningSun sakatoge ana ing ara-ara samun.


Poma sira padha netepana pranatan lan katetepaningSun. Sapa wong kang ngestokake mesthi bakal urip; Ingsun iki Yehuwah.


Pangandikane Gusti Yesus: “Apa sababe, dene kowe takon marang Aku bab apa kang becik? Kang becik iku mung Siji. Ewadene manawa kowe kapengin lumebu ing urip, tetepana sakabehing pepakon.”


Gusti Yesus mirsa, yen wangsulane wong mau kanthi pambudi, mulane banjur ngandika: “Kowe iku ora adoh karo Kratoning Allah!” Sabanjure ora ana wong kang wani matur apa-apa maneh marang Gusti Yesus.


Atur wangsulane Simon: “Kula kinten inggih ingkang sambutanipun kathah, lajeng dipun lilakaken punika.” Pangandikane Gusti Yesus: “Bener penemumu iku.”


Sabab Sang Kristus iku kang wus mungkasi angger-anggering Toret, satemah saben wong kang pracaya banjur oleh kabeneran.


Nanging kita padha sumurup, yen kabeh kang kamot ing kitab Toret iku katujokake marang wong-wong kang kawengku ing angger-anggering Toret, supaya wong kabeh padha kabungkem cangkeme, lan sajagad kabeh iki kena kapatrapan ing paukumane Gusti Allah.


balik aku mati. Sarta pepakon kang mesthine nuntun marang urip, nanging tumraping aku malah dadi jalaraning pati.


Awit angger-anggering Toret iku dhasare dudu iman, nanging sapa kang nglakoni angger-angger, iku bakal urip dening angger-angger.


Kita padha didhawuhi dening Sang Yehuwah, Gusti Allah kita, supaya nglakoni sakehe katetepan iku lan supaya padha wedi-asih marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kita, supaya kita tansah slamet lan supaya kita dilestarekake urip kaya ing dina iki.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan