Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 10:24 - Kitab Sutji

24 Amarga Aku pitutur marang kowe: Akeh nabi lan ratu kang kepengin nyumurupi kang padha kokdeleng, nanging ora kalakon, sarta kang kepengin ngrungokake apa kang kokrungokake, nanging ora bisa kalakon.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 10:24
7 Iomraidhean Croise  

Nanging rahayu mripatmu, jalaran bisa ndeleng lan kupingmu, amarga bisa krungu.


Sawise mangkono Gusti Yesus banjur minger mirsani para sakabate sarta dipangandikani piyambak: “Begja mripat kang ndeleng apa kang padha kokdeleng.


Ing sawijining dina ana ahli Toret ngadeg sumedya nyoba marang Gusti Yesus, ature: “Guru, punapa ingkang kedah kula lampahi, amrih kula angsal gesang langgeng?”


Rama Abraham leluhurmu rena panggalihe dene bakal nguningani ing dinaKu, lan iya wus nguningani sarta ndadekake bingahe.”


Iku mau kabeh sedane sajroning pracaya, durung nganti nampani apa kang kaprasetyakake, mung mirsani saka kadohan lan ngawe-awe saka kadohan, sarta padha ngaken manawa dadi wong manca sarta wong neneka ana ing bumi iki.


Sarta wong iku kabeh padha ora tampa apa kang kaprasetyakake iku, sanadyan pracayane wus aweh paseksen kang becik tumrap wong-wong iku.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan