Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 10:20 - Kitab Sutji

20 Nanging sanadyan mangkono, aja padha mbungahi marga saka roh-roh iku padha nungkul marang kowe, nanging padha bungaha marga jenengmu wis katulisan ana ing swarga.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 10:20
19 Iomraidhean Croise  

Durakanipun tiyang-tiyang punika mugi Paduka wewahi, sampun ngantos sami manggih kaleresan wonten ing ngarsa Paduka!


Ewasamanten sapunika Paduka mugi karsaa ngapunten dosanipun, dene manawi boten kepareng, nama kawula kemawon mugi Paduka icali saking kitab seratan Paduka.”


Lan wong kekarene ing Sion tuwin kang isih ana ing Yerusalem bakal kasebut suci yaiku saben wong ing Yerusalem kang katulisan bakal oleh urip,


Dhuh Sang Yehuwah, Pangajapipun Israel, sadaya tiyang ingkang nyingkur Paduka temtu kawirangan. Para tiyang ingkang sami nyimpang saking Paduka, badhe kasirnakaken saking nagari, amargi sami nilar tuking toya gesang, inggih punika Sang Yehuwah.


Ingsun bakal ngacungake astaningSun nglawan para nabi kang ndeleng prakara kang ora nyata lan kang ngucapake pameca-pameca kang goroh, wong-wong iku ora klebu ing golonganing umatingSun lan ora bakal kapengetan dadi turuning Israel, lan ora bakal lumebu maneh ing tanah Israel, sarta sira bakal sumurup, manawa Ingsun iki Pangeran Yehuwah.


“Ing nalika iku uga Sang Mikhael, pemimpin agung iku, bakal rawuh ngamping-ampingi turune bangsamu, lan bakal ana mangsa karubedan kang gedhe, kang durung tau kelakon wiwit anane bangsa-bangsa nganti tumeka ing wektu iku. Nanging nalika iku bangsamu bakal bisa oncat, yaiku sing sapa jenenge katulis ana ing Kitab iku.


Gusti Yesus tumuli nimbali sakabate rolas sarta padha diparingi panguwasa nundhungi dhemit lan marasake sarupaning lelara lan sarupaning memala.


Putraning Manungsa pancen bakal linggar, cocok karo kang katulis tumrap Panjenengane, nanging bilai wong kang dadi margane Putraning Manungsa kaulungake. Luwih becik upama wong iku ora lair.”


Dhuwit banjur diuncalake dening Yudas menyang sajroning Padaleman Suci, nuli lunga saka kono lan mati nggantung.


Lan aku uga duwe panjaluk marang kowe, Sunsugos, kancaku kang tumemen: iku padha tulungana. Awit wong iku wus padha tarung bebarengan karo aku ana ing pakabaran Injil, sarta bebarengan karo Klemens lan kanca-kancaku nyambutgawe liyane, kang jenenge padha kapacak ana ing buku kauripan.


sarta karo pasamuwane para pambarep, kang jenenge wus padha katulisan ana ing swarga, sarta karo Gusti Allah, kang ngadili sakabehing wong, sarta maneh karo rohe para wong mursid kang kasampurnakake,


Lan kabeh wong kang manggon ing bumi bakal padha sujud marang si kewan, yaiku saben wong kang jenenge wiwit nalika jagad tinalesan ora katulisan ing buku kauripan kagungane Sang Cempe kang wus kasembeleh.


Kewan kang kokdeleng iku maune ana, nanging saiki ora ana, lan bakal njedhul saka ing teleng, sarta marani ing karusakan. Anadene para kang manggon ana ing bumi, kang jenenge ora katulisan ing buku kauripan wiwit jagad tinalesan, iku bakal padha kaeraman, samangsa padha weruh si kewan, dene maune ana saiki ora ana, mangka bakal ana maneh.


Aku tumuli weruh wong mati, gedhe cilik, padha ana ing ngarep dhampar, banjur ana kitab-kitab kang padha kabukak. Lan ana kitab liyane maneh kang kabukak, yaiku kitabing kauripan. Wong-wong mati mau tumuli padha diadili miturut panggawene adhedhasar apa kang katulis ing kitab-kitab mau.


Dene saben wong kang jenenge ora katulis ana ing kitab kauripan iku, iku kacemplungake ing sagara geni.


Nanging sabarang kang najis ora bakal bisa mlebu mrono, uga wong kang nglakoni kanisthan, tuwin para cidra; nanging mung wong-wong kang jenenge padha katulisan ing kitab kauripan kagungane Sang Cempe.


Sing sapa unggul, iku bakal dienggoni sandhangan putih kaya mangkono; lan jenenge mesthi bakal ora Sunbirat saka ing buku kauripan, sarta jenenge bakal Sunakeni ana ing ngarsane RamaningSun lan ing ngarepe para malaekate.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan