2 Kabeh padha dipangandikani: “Panene pancen gedhe, nanging sing derep mung sathithik. Mulane padha nyenyuwuna marang kang Kagungan panen, supaya karsaa ngintunake wong-wong kang derep ing panenan.
Nabi Elia banjur ngandika marang rakyat iku: “Mung kari aku dhewe kang dadi nabining Pangeran Yehuwah, mangka nabine Baal iku cacahe patang atus seket.
temah pepanthaning raja-kaya Paduka lajeng sami angsal panggenan wonten ing ngriku; dhuh Allah, margi saking sih-kadarman Paduka, Paduka maringi kabetahanipun tiyang ingkang katindhes.
Bilai pangoningSun kang goblog, kang ninggal wedhus-wedhuse! Tangane lan mripate kang tengen katempuha ing pedhang! Apusa banget lengene lan mripate kang tengen dadia lamur banget!”
Wong kang tuku padha nyembeleh, lan ora rumangsa luput, dene kang ngedol padha ngucap: Pinujia Pangeran Yehuwah! Aku wus dadi sugih! Dene para pangone dhewe ora padha welas.
Nuli Ingsun bakal tumedhak sarta bakal ngandikan karo sira ana ing kono, nuli Roh kang ana ing sira iku bakal salong Sunpundhut, Sundunungake ing wong-wong mau, banjur bakal padha ngrewangi sira mikul tanggung-jawab tumrap bangsa iku, supaya aja sira pikul dhewe.
Nanging banjur dipangandikani dening Nabi Musa: “Yagene nganti samono anggonmu mbelani aku? Sokur manawa umate Sang Yehuwah kabeh padha dadi nabi, marga padha kaparingan Rohe Pangeran Yehuwah!”
Upamane kaya wong lelungan, omahe ditinggal dipasrahake marang para bature, kang siji-sijine padha diwenehi kawajiban dhewe-dhewe sarta juru regol dikon melek.
Dene para sakabat mau iya banjur padha ngabarake Injil menyang ing ngendi-endi, sarta Gusti paring pambiyantu, sumebaring pangandika kinanthenan paseksen pratandha mawarna-warna.
Kacarita marga saka panganiaya kang tumuwuh sawuse Sang Stefanus kaukum pati, akeh sadulur kang padha buyar nganti tekan ing tanah Fenisia, ing pulo Siprus lan ing kutha Antiokhia, dene anggone ngabarake Injil mung marang wong Yahudi.
Ing sawijining dina, nalika lagi padha nindakake pangibadah marang Gusti sarta puwasa, Roh Suci ngandika: “Ingsun pijekna Barnabas lan Saulus, supaya padha nglakonana ayahan, kang wus Suntamtokake tumrap karone.”
Mulane padha reksanen awakmu sarta pepanthan kabeh, amarga kowe kang padha dipiji dening Sang Roh Suci dadi pamong kang kakarsakake ngengon pasamuwaning Allah kang kadarbe sarana rahe kang Putra piyambak.
Lan Gusti Allah wus netepake wong sawatara ana ing pasamuwan: sapisan dadi rasul, kapindho dadi nabi, ping telune dadi guru. Sabanjure ana kang kaparingan kabisan nganakake mukjijat, marasake, leladi, nenuntun, sarta kabisan migunakake basa roh.
Nanging marga saka sih-rahmate Gusti Allah, aku dadi kaya ing sadadiku saiki iki, lan sih-rahmat kang kaparingake marang aku iku ora muspra. Sabab, aku wus nglakoni pagawean luwih akeh katimbang karo kancaku kabeh; mung bae dudu aku, nanging sih-rahmate Gusti Allah kang nunggil kalawan aku.
Anadene aku iki ing sarehne padha dadi kanca tunggal ayahan, pituturku marang kowe kabeh, supaya aja nganti padha gawe muspraning sih-rahmate Gusti Allah, kang wus koktampani.
Mung bae dakkira prelu aku kongkonan Epafrodhitus marang kowe, yaiku sadulurku lan kanca nyambut-gawe sarta kancaku perang, kang kokkongkon nulungi aku ing bab kabutuhanku.
Marga saka ayahane Sang Kristus dheweke meh tinggal donya lan ngetohake nyawane kanggo ngganepi apa kang isih kurang sajroning anggonmu padha leladi marang aku.
Salam saka Epafras marang kowe, dheweke asline saka ing antaramu, iku abdine Gusti Kristus Yesus, kang tansah ngganter anggone ndongakake kowe, supaya kowe tetep tanggon, kayadene wong-wong kang diwasa lan kang yakin temenan marang apa kang dadi karsane Gusti Allah.
Awit mesthine kowe isih padha kelingan, para sadulur, marang kangelan lan rekasaku kabeh. Anggonku padha nggelarake Injiling Allah marang kowe iku, supaya aja ngreribedi wong sawiji-wijia panunggalanmu, padha dakkantheni nyambut-gawe rina wengi.
Karodene, para sadulur, panjalukku kabeh marang kowe: wong-wong kang padha nyrempeng ing gawe ana ing antaramu, kang nenuntun marang kowe ana ing patunggilane Gusti sarta kang memerdi marang kowe,
Sabanjure, para sadulur, aku kabeh padha dongakna, supaya pangandikane Gusti saya maju lan diluhurake, padha kayadene kang wus kalakon ana ing antaramu,
Awit iya iku sababe anggon kita padha nglakoni rekasa lan ngetog kakuwatan, jalaran kita padha nduweni pangarep-arep marang Gusti Allah kang gesang, kang dadi Pamartane wong kabeh, angka siji kanggo para wong kang pracaya.
Nanging kowe dibisa ngemudheni awakmu ing sajroning samubarang kabeh, disabar ing sajroning nandhang sangsara, nindakna pakabaran Injil, lan ngakonana kawajibaning leladi!
ananging Gusti Kristus iku setya kayadene Putra kang mengku padalemane; sarta padalemane iya iku kita, angger kita padha kukuh ing pracaya sarta ing pangarep-arep kang kita agung-agungake nganti tumeka ing wekasan.
“Sira nulisa marang malaekate pasamuwan ing Efesus: Iki pangandikane kang ngasta lintang pepitu ing astane tengen lan kang mlampah-mlampah ing antarane padamaran mas pepitu iku.