Mulane saiki, yen ramaningsun wus paring marang sira kabeh tetanggungan kang abot, nanging ingsun bakal muwuhi tetanggunganira; ramaningsun wus ngajar sira kalawan sambuk, nanging ingsun bakal nganjar sira kalawan cemethi kang mawa eri wesi.”
Lan sira, anaking manungsa, aja wedi marang wong-wong iku tuwin marang tembung-tembunge, sanadyan sira kinepung ing lateng lan eri, sarta pamanggonira ana ing tengahe kalajengking. Aja wedi marang tembung-tembunge lan aja ndhredheg ana ing ngarepe, amarga iku jinis kang ambek mbalela.
Muga-muga Gusti Allah kang dadi etuking tentrem-rahayu, enggal nglebur Iblis ana ing sangisoring tlapakanmu. Sih-rahmate Gusti Yesus, Gusti kita, anunggila ing kowe.
Dene manawa ana wong kang arep milara, bakal ana geni metu saka ing cangkeme mangsa marang satrune. Lan manawa ana wong kang arep milara, mesthi kapatenan kanthi patrap mangkono.