Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 10:17 - Kitab Sutji

17 Kacarita sakabat pitung puluh mau padha bali kanthi bungah sarta padha munjuk: “Gusti, dalasan para dhemit sami nungkul dhateng kawula awit saking asma Paduka.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 10:17
8 Iomraidhean Croise  

Pawarta bab Panjenengane iku banjur sumebar ing tanah Siria kabeh; sakehe wong, kang nandhang lelara banjur padha disowanake menyang ing ngarsane, kang rupa-rupa lelarane lan sangsarane, wong kasurupan, wong ayan lan wong lumpuh, tumuli padha diwarasake.


Wong kang pracaya iku bakal padha kinanthenan pratandha mangkene: Marga saka sawabe AsmaKu baka padha bisa nundhungi dhemit, bakal padha calathu nganggo basa-basa anyar.


Sawise iku Gusti nuding wong pitung puluh maneh padha diutus ngloro-ngloro ndhisiki Panjenengane, menyang ing saben kutha lan panggonan kang bakal dirawuhi.


Nanging sanadyan mangkono, aja padha mbungahi marga saka roh-roh iku padha nungkul marang kowe, nanging padha bungaha marga jenengmu wis katulisan ana ing swarga.”


wong kang padha lara ing kono padha warasna, apamaneh wong-wong padha tuturana: Kratoning Allah wis nyedhaki kowe.


Kacarita Gusti Yesus nimbali sakabate rolas, padha kaparingan kasekten lan panguwasa misesani dhemit lan marasake lelara.


Muga-muga Gusti Allah kang dadi etuking tentrem-rahayu, enggal nglebur Iblis ana ing sangisoring tlapakanmu. Sih-rahmate Gusti Yesus, Gusti kita, anunggila ing kowe.


Awit saka iku kayadene pasamuwan sumuyud marang Sang Kristus, mangkonoa uga para wong wadon marang kang lanang tumrap ing samubarang kabeh.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan