LUKAS 10:15 - Kitab Sutji15 Apadene kowe kutha Kapernaum, apa kowe bakal kaluhurake nganti sundhul ing langit? Ora, kowe bakal ambles tumeka ing teleng palimengan. Faic an caibideil |
Ingsun bakal ngudhunake sira, supaya sira bebarengan karo para wong kang tumurun menyang ing luwangan kuburan, menyang ing panggonane bangsa dhek jaman kuna, sarta Ingsun bakal mapanake sira ana ing bumi kang ngisor dhewe kayadene reruntuhan ing jaman kuna, bebarengan karo para wong kang tumurun menyang ing luwangan kuburan, supaya sira aja dienggoni ing wong maneh, lan aja jumedhul maneh ana ing tanahe wong urip.
Mulane sira iku kena katandhing karo sapa ing panunggalane wit-witan ing patamanan Eden ing bab kamulyan lan kaluhuran? Sira bakal kaudhunake menyang ing telenging bumi bebarengan karo wit-witan ing patamanan Eden sarta bakal gumlethak ana ing satengahe para wong kang ora tetak, bebarengan karo para wong kang mati kena ing pedhang. Yaiku Pringon dalah sagolongane. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.”
Padha ora kakubur awor karo para prawira kang padha mati ing jaman biyen, kang padha mudhun marang jagade wong mati bebarengan karo sakehe gegamaning perang, kang pedhange nuli kadekek ing sangisore sirahe sarta tamenge katumpangake ing balung-balunge; amarga wus padha nuwuhake pagiris ana ing jagade wong urip.