Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 10:13 - Kitab Sutji

13 “Bilai kowe kutha Khorazim! Bilai kowe kutha Betsaida! Amarga saupama ing kutha Tirus lan ing kutha Sidon ana mukjijat-mukjijat kaya kang kalakon ana ing tengah-tengahmu, mesthi wis biyen-biyen anggone mratobat kalawan manganggo bagor lan linggih ing awu.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 10:13
17 Iomraidhean Croise  

Pramila tembung-tembung kawula kawula celed, sarta kalayan nalangsa kawula sumungkem ing lebu tuwin awu.”


ngganjar marang wong-wong mau rerenggan sirah minangka gegentining awu, lenga-pesta minangka liruning bagor, kidung pangalembana minangka gegentining jiwa kang nglentrih, supaya wong-wong mau padha kaaranan “wit elah ing bab kabeneran”, “tanemaning Pangeran Yehuwah” kanggo ngatonake kaluhurane.


Ing nalika taun kang kaping sawelas, tanggal sapisan ing sasi kang lumaku, ana pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene:


Aku banjur tumenga marang Pangeran Allah prelu ndedonga lan nyenyuwun kalawan puwasa lan manganggo bagor lan awu.


Pangandikane Sang Yehuwah mangkene: “Marga saka durakane Tirus telung prakara, malah patang prakara, mulane Ingsun ora bakal murungake putusaningSun; awitdene wus ngulungake wong sabangsa kabeh marang Edom minangka tawanan, sarta ora eling marang prajanjian pasaduluran,


marga saka kena pambujuking wong doracara, kang swaraning batine nganggo cape wong-wong mau,


Anadene seksiningSun loro bakal Sundhawuhi medhar wangsit lawase sewu rong atus sawidak dina kalawan manganggo bagor.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan