12 Aku pitutur marang kowe: Ing dina iku Sodom bakal luwih entheng tanggungane katimbang karo kutha iku.”
Sawuse mangkono Sang Yehuwah tumuli ngudanake walirang lan geni marang tanah Sodom lan Gomora, tumurune udah saka Sang Yehuwah, saka ing langit,
Durakaning putrine bangsaku ngungkuli dosane Sodom, kang diwalik sajroning sakedhep netra, tanpa katiban ing tangan.
Satemene pituturKu marang kowe: Besuk ing dina pangadilan kang sinangga dening Sodom lan Gomora bakal luwih entheng katimbang karo kutha mau.”
Nanging Aku pitutur marang kowe: Besuk ing dina pangadilan kang kasangga dening tanah Sodom bakal luwih entheng katimbang karo kowe.”
Lan manawa sawijining panggonan emoh nampani kowe lan wong-wong ing kono ora padha gelem ngrungokake kowe, metua saka ing kono, lebu ing sikilmu ketabna. Iku minangka pepenget kanggo wong mau.”