Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 10:1 - Kitab Sutji

1 Sawise iku Gusti nuding wong pitung puluh maneh padha diutus ngloro-ngloro ndhisiki Panjenengane, menyang ing saben kutha lan panggonan kang bakal dirawuhi.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 10:1
14 Iomraidhean Croise  

Ing ngarepe katon ana pinituwaning turune Israel pitung puluh kang padha ngadeg, Yaazanya bin Safan ana ing satengahe wong-wong mau, kabeh padha nyekel bokor padupan; kukusing dupa kang arum kumelun.


Pangeran Yehuwah nuli ngandika marang Nabi Musa: “Sira nglumpukna ana ing ngarsaningSun wong lanang pitung puluh panunggalane para pinituwane Israel, kang padha sira sumurupi, yen iku padha dadi pinituwa lan pemimpine bangsa; iku padha sira ajokna menyang ngarepe Tarub Pasewakan, lan padha ngadega ana ing kono karo sira.


tuwin bakal lumaku dadi cecala ndhisiki tindake Pangeran kanthi roh lan panguwasane Elia, supaya bisaa mbalekake atine para bapa marang para anak, sarta nuntun wong mursal marang kamursidan, dadine nyawisake umat kang sembada tumrap ing Pangeran!”


Dene kowe, ngger, anakku, bakal kasebut nabining Allah Kang Mahaluhur, amarga kowe bakal lumaku dadi cecala ndhisiki tindake Pangeran prelu nyawisake dalan kagem Panjenengane,


Nalika Gusti mirsa randha mau, trenyuh banget panggalihe marga saka welase, banjur ngandika marang randha mau: “Aja nangis!”


banjur nimbali sakabate loro, kadhawuhan matur marang Gusti: “Punapa Paduka punika ingkang pinasthi rawuh, punapa kawula taksih kedah ngentosi sanesipun?”


tumuli ngirimake utusan sawatara, kang ndhisiki Panjenengane. Iku padha mangkat, banjur padha lumebu ing sawijining desane wong Samaria arep cecawis kagem Panjenengane.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan