Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 1:9 - Kitab Sutji

9 Sabab nalika diundhi kaya adate, kanggo namtokake imam kang maju ing gawe, dheweke kang katuding lumebu ing Padaleman Suci ngobong dupa.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 1:9
10 Iomraidhean Croise  

Para putrane Rama Amram yaiku Rama Harun lan Nabi Musa; Rama Harun kapatah ngurus apa kang suci pinunjul, iya iku panjenengane dalah para turune, nganti ing salawas-lawase, yaiku ngobong kurban ana ing ngarsaning Pangeran Yehuwah, lelados marang Panjenengane sarta andum berkah demi asmane, nganti ing salawas-lawase.


Nanging Rama Harun lan para putrane kawajibane ngobong kurban ing misbyah kurban obaran lan ing misbyah pangobongan dupa, lan nindakake sakehing pagawean ing pasucen pinunjul sarta nganakake upacara-pirukun kanggo wong Israel, ngetrepi apa kang kadhawuhake dening Nabi Musa, abdining Allah iku.


Bareng Sang Nata wus santosa, banjur gumunggung lan nindakake bab kang gawe rusak. Panjenengane ora setya maneh marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe, sarta kumawani lumebet ing Padaleman Suci prelu mbesmi dupa ana ing misbyah padupan.


He, anak-anakingsun, sira saiki aja padha tlendho, awitdene sira wus padha kapilih dening Pangeran Yehuwah kadhawuhan ana ing ngarsane ngladosi Panjenengane, nindakake pangibadah lan ngobong kurban kagem Panjenengane.”


Iku kanggo pangeling-eling tumrap wong Israel, supaya saliyane tedhake Imam Harun aja ana kang seba ngobong dupa ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah lan aja ana kang tumindak kaya Korakh sagrombolane mau, nocogi kaya anggone wus kadhawuhan dening Pangeran Yehuwah lumantar Nabi Musa.


Dhuwit banjur diuncalake dening Yudas menyang sajroning Padaleman Suci, nuli lunga saka kono lan mati nggantung.


Iya mangkono iku anggone nata papan kang suci iku. Dene para imam tansah lumebu ing perangan tarub kang ngarep prelu nindakake pangibadahe,


Lan Ingsun wus miji saka ing antarane taler Israel kabeh dadi imam kagem Ingsun, supaya saos kurban ana ing misbyahingSun, ngobong dupa lan manganggo efod ana ing ngarsaningSun; golonganira wus Sunpasrahi sakehing kurbane genenan wong Israel.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan