LUKAS 1:8 - Kitab Sutji8 Ing sawijining dina, nalika pinuju giliraning golongane, Zakharia ngimami ana ngarsaning Pangeran. Faic an caibideil |
Tumrap tedhake Rama Harun, yaiku para imam, kang padha manggon ing pangonan-pangonan ing sakubenge kutha-kuthane, ing saben kutha ana wong-wong kang kalawan dipratelakake jenenge, tinuding ngedum-edum marang saben wong lanang gegelitaning brayat imam lan marang saben wong Lewi kang klebu ing dhaftar.
Sang Prabu Hizkia tumuli merang-merang para imam lan para wong Lewi, didadekake golongan-golongan manut kawajibane dhewe-dhewe tumrap imam lan tumrap wong Lewi, ing bab saos kurban obaran lan kurban slametan, bab ngucap sokur lan ing bab ngidungake pepujian sarta ing bab leladi ana ing gapura-gapura ing papan patarubaning Yehuwah.
lan manut tatanane Sang Prabu Dawud, kang rama, golongan-golonganing para imam padha kaparingan kawajibane dhewe-dhewe, dene para wong Lewi padha pinaringan kawajiban ngidungake pepujian lan ngladeni marang para imam, iku saben dina manut kang ketetepake ing dina iku, sarta uga para jaga gapura tumrap golongan-golongane kanggo saben gapura. Amarga mangkono dhawuhe Sang Prabu Dawud, abdining Allah.
nanging sira dalah anak-anakira padha dadia imam lan nindakna samubarang kang magepokan karo misbyah lan tumrap sadhengah apa kang ana ing saburine geber, iku padha sira tindakna; bubuhanira kaimaman iku anggoningSun maringake marang sira minangka ganjaran; wong lumrah kang nyedhak ing kono kaukuma pati.”