LUKAS 1:79 - Kitab Sutji79 karsa madhangi sakabehing wong kang padha andhok ing pepeteng lan ana ing wayanganing pati, apadene ngenerake sikil kita marang dalaning karahayon.” Faic an caibideil |
Ingsun bakal nuntun para wong wuta ana ing dalan kang durung tau padha diambah, tuwin iku padha Sunlakokake ing dalan-dalan kang durung disumurupi. Pepeteng kang ana ing ngarepe bakal Sundadekake padhang, sarta tanah kang mendhak-mendhukul bakal Sundadosake tanah warata. Yaiku bab-bab kang bakal Suntandukake marang wong-wong mau, lan kang mesthi bakal Suntindakake.
Sarta kok padha ora takon maneh: Ana ing ngendi Sang Yehuwah, kang ngirid kita metu saka ing tanah Mesir; kang nganthi kita ana ing ara-ara samun, ing tanah kang cengkar lan legak-legok, ing tanah kang luwih dening garing lan peteng, ing tanah kang ora diambah ing wong lan ora didunungi ing manungsa?