Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 1:78 - Kitab Sutji

78 marga saka rahmat lan sih-piwelase Allah kita, kang bakal kaasta anggone bakal ngrawuhi kita saka ing ngaluhur, Sang Surya-esuk

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 1:78
19 Iomraidhean Croise  

Dhuh Yehuwah, Paduka mugi enget dhateng ing sih-palimirma sarta kadarman Paduka, awit punika sadaya sampun wonten wiwit ing jaman purwa mila.


Ana trubusan kang bakal thukul saka ing tunggaking Isai, lan ana semen kang tuwuh saka ing oyode kang bakal metokake woh.


Ingsun bakal nuntun para wong wuta ana ing dalan kang durung tau padha diambah, tuwin iku padha Sunlakokake ing dalan-dalan kang durung disumurupi. Pepeteng kang ana ing ngarepe bakal Sundadekake padhang, sarta tanah kang mendhak-mendhukul bakal Sundadosake tanah warata. Yaiku bab-bab kang bakal Suntandukake marang wong-wong mau, lan kang mesthi bakal Suntindakake.


Paduka mugi karsaa mirsani saking swarga saha karsaa nguningani saking padaleman Paduka ingkang suci saha agung! Wonten ing pundi ta bentering panggalih Paduka saha kasantosan Paduka, panggalih Paduka ingkang trenyuh tuwin sih-piwelas Paduka? Paduka mugi sampun ngantos ngampah panggalih Paduka piyambak!


Kawula badhe mratelakaken sih-susetyanipun Pangeran Yehuwah, pakaryaning Sang Yehuwah ingkang misuwut, laras kaliyan sadaya ingkang katandukaken dening Pangeran Yehuwah dhumateng kita, tuwin kamirahanipun ingkang ageng dhumateng Banisrael ingkang tumandukipun laras kaliyan sih-piwelasipun tuwin cundhuk kaliyan sih-susetyanipun ingkang ageng.


He, Imam Agung Yusak, sira ngrungokna, sira lan para kancanira kang lungguh ana ing ngarepira – iku rak padha dadi pratandha kang elok, – lah Ingsun bakal ngrawuhake abdiningSun, yaiku Sang Trubusan.


kalawan pratelanana: Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi ngandika mangkene: Lah iki priya kang asmane Sang Trubusan. Iki bakal tuwuh saka ing papane, lan bakal yasa padalemane Sang Yehuwah.


Balik sira kang padha wedi marang asmaningSun, bakal padha kaplethekan padhanging srengenge kabeneran kang nggawa kawarasan ana ing swiwine. Sira bakal padha metu klawan lincak-lincak kaya pedhet kang metu saka ing kandhang.


Panjenengane dakdeleng, nanging ora saiki, dakawasake, nanging ora ana ing cedhakan, ana lintang njedhul saka Yakub, ana teken keprabon jumedhul saka ing Israel, iku ngremuk pilingane Moab, sarta nggempur marang sakehing turune Set.


Awitdene Gusti Allah anggone ngasihi marang jagad iku nganti masrahake Kang Putra ontang-anting, supaya saben wong kang pracaya marang Panjenengane aja nganti nemu karusakan, nanging nduwenana urip langgeng.


Awit saka iku ana kang muni, “Meleka, he kowe kang turu lan tangia saka antarane wong mati, temahan Sang Kristus bakal madhangi kowe.”


Awit Gusti Allah kang dadi seksiku, kaya apa kangenku marang kowe kabeh kalawan sih-katresnane Sang Kristus Yesus.


Dadi sarehne ing sajroning Sang Kristus iku ana pepeling, ana panglipuring katresnan, ana patunggilaning Roh, ana sih-katresnan lan piwelas,


Mulane sarehne kowe wus padha dadi pepilihane Gusti Allah, kang wus kasucekake lan kinasihan, padha nyandhanga asih welas, kaloman, andhap-asor, alusing bebuden lan sabar.


Marga saka iku aku padha saya kasantosakake dening pangandika kang wis kalairake dening para nabi. Saiba becike, manawa kowe padha nggatekake bab iku, kayadene nggatekake damar kang madhangi panggonan kang peteng, nganti gagat raina sarta jumedhule lintang panjer esuk kang sumunar ana ing sajroning atimu.


Sapa kang duwe bandha kadonyan, mangka weruh sadulure kacingkrangan, ewadene nutup lawanging atine tumrap marang sadulure mau, kapriye bisane tetep kadunungan katresnaning Allah?


Ingsun, Yesus, wus ngutus malaekatingSun supaya aweh paseksen tumrap prakara iku mau kabeh marang sira kanggo pasamuwan-pasamuwan. Ingsun iki sogol, yaiku trahe Dawud, lintang panjer esuk kang mancorong.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan