Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 1:74 - Kitab Sutji

74 supaya kita luwar saka ing tanganing mungsuh, bisa ngabekti marang Panjenengane tanpa rasa wedi,

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 1:74
21 Iomraidhean Croise  

kejaba marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahira, iku kang kudu sira bekteni. Manawa mangkono Panjenengane bakal ngluwari sira saka ing tangane sakehing mungsuhira.”


Kawula mugi Paduka uwalaken saking panganiayaning tiyang, supados kawula ngandhemi prentah-prentah Paduka.


umat kang wus Ingsun dhapuk kagem Ingsun iku bakal martakake misuwuringSun.”


Dene Israel kaparingan karahayon dening Sang Yehuwah karahayon kang langgeng; sira ora bakal padha kawirangan tuwin ora bakal kalepetan wirang nganti ing salawase lan ing sateruse.”


“Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi ngandika mangkene: Wektu puwasa ing sasi kaping pat, lan ing sasi kalima, ing sasi kapitu lan ing sasi kaping sapuluh, iku bakal dadi kabungahan lan suka pari suka sarta dadi riyaya kang nengsemake marang turune Yehuda; mulane sira padha nengenna marang kabeneran lan karukunan!”


supaya kita luwar saka ing mungsuh-mungsuh kita lan saka ing tangane kabeh wong kang padha sengit marang kita.


yaiku supaos kang dipangandikakake marang Rama Abraham, leluhur kita, yen Panjenengane paring kanugrahan marang kita,


ing sajroning kasucen lan kabeneran ana ing ngarsane, sajege urip kita.


Nanging saiki bareng kowe wus padha kauwalake saka ing dosa lan bareng kowe wus padha dadi abdining Allah, kowe padha ngundhuh woh kang nuntun kowe marang kasucen sarta wekasane iku urip kang langgeng.


Awit kowe padha ora nampani rohing pangawulan kang njalari kowe dadi wedi maneh, nanging kowe wis padha nampani Sang Roh kang njalari kowe dadi putrane Gusti Allah. Marga saka Roh iku kita banjur padha nyebut: “Abba, Rama!”


Awit kang diparingake dening Gusti Allah marang kita iku dudu rohing kajirihan, nanging roh kang nukulake kakuwatan, katresnan lan katertiban.


sarta kanthi patrap mangkono Panjenengane ngluwari wong-wong, kang sajege urip padha kawengku ing pangawulan marga saka wedine marang pati.


mendahane maneh rahe Gusti Kristus, kang marga dening Roh kang langgeng wus ngurbanake sarirane piyambak konjuk ing Allah minangka pisungsung kang tanpa cacad, iku rak mesthi bakal ngresiki rumangsaning ati kita saka pratingkah-pratingkah kang tanpa guna, supaya kita bisa ngabekti marang Gusti Allah kang asipat gesang?


Sira aja wedi ing sadhengaha kasangsaran kang kudu sira sangga! Lah sanyatane Iblis bakal nglebokake wong sawatara panunggalanira marang ing pakunjaran supaya sira kadadara sarta sira bakal kataman ing kasusahan sapuluh dina lawase. Sira disetya tuhu nganti tumeka ing pati, temah bakal Sunganjar makuthaning kauripan.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan