Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 1:73 - Kitab Sutji

73 yaiku supaos kang dipangandikakake marang Rama Abraham, leluhur kita, yen Panjenengane paring kanugrahan marang kita,

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 1:73
10 Iomraidhean Croise  

Sang Yehuwah Allah ing swarga, kang wus nimbali aku saka ing omahe bapakku lan saka tanahe kulawargaku, kang wus paring pangandika marang aku, malah nganggo supaos: Turunira bakal Sunparingi tanah iki, iya Panjenengane iku kang bakal ngutus malaekate lumampah ana ing ngarepmu, temah kowe mesthi bakal bisa ngolehake jodho anakku saka ing kana,


Sira tetepa manggon ana ing tanah kene dadi wong manca, dene Ingsun bakal nunggil kalawan sira lan sira bakal Sunberkahi, marga sira lan turunira bakal Sunparingi tanah iki kabeh, sarta Ingsun bakal netepi sumpah kang wus Sundhawuhake marang Abraham bapakira.


kang wus didamel karo Rama Abraham, lan supaose marang Rama Iskak;


supaya Ingsun bisa netepi ing supaos, kang Sundhawuhake marang para leluhurira, manawa bakal Sunparingi tanah kang luber powan lan madu, kaya kang kelakon ing wektu iki.” Nuli unjuk wangsulanku: “Mugi kelampahana makaten, dhuh Sang Yehuwah!”


supaya kita luwar saka ing tanganing mungsuh, bisa ngabekti marang Panjenengane tanpa rasa wedi,


“Sarta bakal kelakon, sarehne kowe padha nilingake lan nglakoni pranatan-pranatan iku kalawan temen-temen, mulane Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, iya bakal netepi prasetyan lan sih-kadarmane kang wus didhawuhake kalawan supaos marang para leluhurmu.


nanging marga Pangeran Yehuwah ngasihi marang kowe lan karsa netepi supaose kang didhawuhake marang para leluhurmu, mulane kowe padha dientasake kalawan asta kang rosa lan ditebus saka ing omah pangawulan, saka ing astane Sang Prabu Pringon, ratu ing Mesir.


Awitdene nalika Gusti Allah maringake prasetyane marang Rama Abraham, banjur supaos demi Panjenengane piyambak, sarehne ora ana manungsa kang ngungkuli Panjenengane,


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan