Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 1:72 - Kitab Sutji

72 Supaya leluhur kita bisa nyumerepi sih-rahmate lan anggone enget marang prajanjiane kang suci,

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 1:72
21 Iomraidhean Croise  

Sapa kang mberkahi sira mesthi bakal Sunberkahi, kang ngipat-ipati sira bakal Sunipat-ipati, sarta sira bakal dadi jalarane para bangsa ing salumahing bumi padha binerkahan.”


Karodene marga saka turunira iku sakehe para bangsa ing bumi bakal padha binerkahan; marga sira wus ngestokake dhawuhingSun.”


Karomaneh Ingsun bakal ngakehake turunira kaya lintang ing langit; lan turunira bakal Sunparingi tanah iki kabeh; sarta marga saka turunira sakehe bangsa ing bumi bakal binerkahan.


Turunira bakal dadi kaya lebuning bumi lan sira bakal ngambra-ambra mangetan, mangulon, mangalor lan mangidul, sarta marga saka sira lan turunira sakehe golongan ing bumi bakal padha kaberkahan.


marang prajanjian kang didamel karo Rama Abraham, lan supaose marang Rama Iskak,


Iku marga Panjenengane ngengeti marang pangandikane kang suci, marang Rama Abraham abdine.


Panjenengane enget marang prasetyane marga saka para leluhur mau, temah kaduwung marga saka gedhening sih-kadarmane.


Para wong kang ngabekti marang Panjenengane iku padha diparingi pangan, prajanjiane diengeti ing salawase.


Pangeran Yehuwah wus ngengeti ing sih-kadarmane lan kasetyane marang kulawargane Rama Israel, sakehing poncoting bumi wus padha weruh marang karahayon kang saka Allah kita.


Nanging Ingsun bakal ngengeti prajanjianingSun kalawan sira nalika enomira sarta Ingsun bakal nganakake prajanjian kang langgeng kalawan sira.


Ingsun nuli tindak langkung lan Ingsun ningali sira, lah sira wus tumeka ing titimangsanira birai. Ingsun banjur njereng pangagemaningSun Sunkemulake marang sira, wewadinira Suntutupi. Ingsun nganakake prajanjian kalawan supaos karo sira – mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah – mulane sira wus dadi kagunganingSun.


nuli Ingsun bakal ngengeti prasetyaningSun marang Yakub, lan iya ngengeti prasetyaningSun marang Iskak lan prasetyaningSun marang Abraham, sarta Ingsun ngengeti marang nagarane.


Paduka mugi karsaa ngatingalaken kasetyan Paduka dhateng Rama Yakub, saha sih-palimirma Paduka dhateng Rama Abraham kados ingkang sampun Paduka prasetyakaken klayan supaos dhateng para leluhur kawula wiwit ing jaman kina!


Manut Injil, wong-wong iku padha dadi satrune Gusti Allah marga saka kowe, ananging manut ing pilihan, wong-wong iku padha dadi kekasihe Gusti Allah awit saka para leluhur.


Sabab iku kabeh padha wong Israel kang wus kaangkat dadi putra lan wis kaparingan kamulyan tuwin prajanjian-prajanjian sarta angger-anggering Toret, apadene sarengat lan prasetya-prasetya.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan