LUKAS 1:71 - Kitab Sutji71 supaya kita luwar saka ing mungsuh-mungsuh kita lan saka ing tangane kabeh wong kang padha sengit marang kita. Faic an caibideil |
Anggone manggon ana ing kono bakal kalawan tentrem; bakal padha mbangun omah lan gawe kebon anggur. Malah padha manggon kalawan ayem tentrem ing nalikane Ingsun ndhawahake paukuman marang sakehing tanggane kang padha ngremehake. Ing kono banjur bakal padha sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah Allahe.”
Sawise sawatara lawas sira bakal tampa dhawuh; ing dina kang wekasan sira bakal teka ing sawijining nagara kang wus kabangun maneh sawuse rusak marga saka perang, tuwin sira banjur marani sawijining bangsa kang diklumpukake saka ing satengahe para bangsa ing gunung-gununge Israel kang wus suwe dadi reruntuhan. Bangsa iki wus kawetokake saka ing satengahe para bangsa lan kabeh banjur wus padha manggon kalawan ayem tentrem.