Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 1:70 - Kitab Sutji

70 – kaya kang wis kapangandikakake wiwit kuna mula lumantar para nabine kang suci –

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 1:70
18 Iomraidhean Croise  

Sapa kang mberkahi sira mesthi bakal Sunberkahi, kang ngipat-ipati sira bakal Sunipat-ipati, sarta sira bakal dadi jalarane para bangsa ing salumahing bumi padha binerkahan.”


Karodene Ingsun bakal ndadekake memungsuhan ing antarane sira lan wong wadon iki, lan ing antarane turunira lan turune wong wadon iki; turune wong wadon iki bakal ngremuk endhasira lan sira bakal ngremuk tungkake.”


Tekene keprabon bakal ora ngalih saka Yehuda, utawa lambanging paprentahan saka ing antarane sikile, nganti tumeka rawuhe Sang Silo, kang bakal disuyudi bangsa-bangsa.


Rohe Sang Yehuwah medhar sabda lumantar aku, sabdane dumunung ana ing ilatku:


Pangandikane Sang Yehuwah mangkene: Lah, bakal tumeka ing wektune, Ingsun bakal nuwuhake Trubusane Dawud kang adil. Iku bakal jumeneng raja kang wicaksana lan tumindak adil tuwin bener ana ing nagara.


He abdiningSun Yakub, sira aja wedi, – mangkono pangandikane Sang Yehuwah –, he Israel, sira aja miris! Amarga, lah Ingsun ngluwari sira saka ing panggonan adoh, lan turunira saka ing nagaraning pambuwangan. Yakub bakal mulih lan uripe bakal jenjem lan tentram, ora ana kang ngeget-egeti.


Mangka Sang Prabu Dawud piyambak marga saka katuntun dening Roh Suci ngandika mangkene: Dhawuhe Pangeran marang Gustiku: Sira lenggaha ing tengeningSun, nganti kabeh mungsuhira wus padha Sunselehake ing sangisoring tlapakanira.


Banjur padha dipangandikani mangkene: “Yaiki pituturKu kang Dakkandhakake marang kowe kabeh, nalika Aku isih nunggal karo kowe, yaiku yen kabeh kang wis katulisan tumraping Aku ana ing sajroning kitab-Torete Nabi Musa lan kitabe para nabi sarta kitab Masmur, iku kudu kayektenan.”


Banjur padha bubar kalawan bebencengan. Nanging Rasul Paulus isih nglairake pangandika satembung, kang mangkene: “Kasinggihan temen pangandikanipun Sang Roh Suci lumatar Nabi Yesaya dhateng leluhur kita, wiraosipun:


kang sadurunge wus kaprasetyakake lumantar para nabine ana ing kitab-kitab suci,


Jalaran saka iku, kaya kang kapangandikakake dening Roh Suci: “Ing dina iki, manawa sira padha krungu swarane,


Para nabi iku wis padha dijarwani, yen ora padha ngladeni sarirane piyambak, nanging kowe kang padha diladeni samubarang, kang saiki wis kawartakake marang kowe dening wong-wong kang marga saka pakaryane Sang Roh Suci, kang wis kautus saka ing swarga, padha nggelarake Injil marang kowe kabeh, yaiku bab-bab kang dalasan para malaekat kapengin maspadakake.


jalaran ora tau ana pamedhar-wangsit kang kawedharake saka kareping manungsa, nanging marga saka kawangsit dening Sang Roh Suci wong wong banjur padha calathu atas asmaning Allah.


supaya kowe padha ora lali marang pangandika kang biyen wis kadhawuhake dening para nabi kang suci, sarta marang dhedhawuhane Gusti lan Sang Juruwilujeng lumantar para rasulmu marang kowe kabeh.


Aku banjur nyungkemi sampeyane kang ngandika mau arep sujud, nanging tumuli dipangandikani: “Aja mangkono! Aku iki padha kaya kowe lan para sadulurmu, kang nduweni paseksene Gusti Yesus. Sujuda marang Gusti Allah! Awit mungguh paseksene Gusti Yesus iku rohing pamedhar wangsit.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan