Rama Abraham banjur sumungkem konjem ing bumi karo gumujeng, pangunandikane: “Wong kang wus umur satus taun apa kelakon anak-anak, lan Sara kang wus umur sangang puluh taun iku apa iya bakal nglairake anak?”
Anadene Rama Iskak iku ndongakake garwane marang Sang Yehuwah, amarga kang garwa iku gabug; lan Sang Yehuwah nyembadani panyuwune, temahan Ibu Ribkah garwane banjur nggarbini.
Rakhel bareng rumangsa yen ora patutan karo Yakub, banjur meri marang mbakyune sarta matur marang Yakub: “Bok kula sampeyan sukani anak! Manawi boten, kula luwung pejah.”
Nabi Elisa nuli ngandika: “Manawa mangkono apa ta kang kena daktindakake kanggo kapreluane wong iku?” Ature Gehazi: “Ah, piyambakipun boten gadhah anak, mangka semahipun sampun sepuh.”
Nalika jamane Sang Prabu Herodhes, nata ing tanah Yudea, ana sawijining imam, jenenge Zakharia, kalebu golongan Abia. Bojone uga trahe Harun, jenenge Elisabet.
Lan pracayane ora dadi kendho, sanadyan ngraosake yen sarirane wus lungse, awit yuswane wis watara satus taun, sarta manawa Ibu Sara wus lungse ing wanci.
Marga saka pracaya, dalah Ibu Sara kaparingan kakiyatan nedhakake putra-wayah, sanadyan wus lungse ing yuswa; amarga ngugemi manawa kang maringi prasetya iku setya.