Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 1:69 - Kitab Sutji

69 Panjenengane nukulake sunguning karahayon kanggo kita ana ing tedhake Sang Prabu Dawud, abdine,

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 1:69
23 Iomraidhean Croise  

Gusti Allah kawula, peparang kawula, pangauban kawula, tameng kawula, singating karahayon kawula, kitha beteng kawula, papan pangungsen kawula, pamarta kawula; Paduka ingkang ngluwari kawula saking panganiaya.


Asma Paduka lajeng badhe dados agung ing salami-laminipun, temah tiyang nyebut Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumados, Gusti Allahipun Israel; kulawarganipun ingkang abdi Dawud badhe lestantun santosa wonten ing ngarsa Paduka.


Sanadyan mangkono karajan iku ora bakal Sunsuwek babar pisan, ana taler siji kang bakal Sunparingake marang anakira marga saka abdiningSun Dawud lan marga saka Yerusalem kang wus Sunpilih.”


Unjuke mangkene: “Kawula tresna dhumateng Paduka, dhuh Yehuwah ingkang dados karosan kawula!


sami asurak-surak sadinten muput margi saking asma Paduka, saha sami rumaos luhur margi kaadilan Paduka.


Amargi sih-susetya Paduka binangun ing salami-laminipun; kasetyan Paduka jejeg kados langit.


Wong iku bakal padha ngabdi marang Sang Yehuwah, Gusti Allahe lan marang Dawud, ratune kang bakal Sunjumenengake.


Ing dina iku Ingsun bakal nukulake sungu kanggo turune Israel lan ndadosake sira banjur bisa caturan maneh ana ing satengahe wong-wong mau. Ing kono nuli bakal padha sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah.”


“Ing dina iku Ingsun bakal ngadegake maneh gubuge Dawud kang wus rubuh; lan pecah-pecahing temboke bakal Suntambali, sarta jugrugane bakal Sunadegake maneh; bakal Sunbangun maneh kaya ing jaman biyen;


Iki sarasilahe Gusti Yesus Kritus, tedhake Sang Prabu Dawud, tedhake Rama Abraham.


Binarkahana Kraton kang rawuh, Kratone leluhur kita Sang Prabu Dawud, hosanna ing ngaluhur!”


Ingsun, Yesus, wus ngutus malaekatingSun supaya aweh paseksen tumrap prakara iku mau kabeh marang sira kanggo pasamuwan-pasamuwan. Ingsun iki sogol, yaiku trahe Dawud, lintang panjer esuk kang mancorong.”


Hana banjur ndedonga, unjuke: “Manah kawula abingah-bingah margi Sang Yehuwah, singating karosan kawula linuhuraken dening Sang Yehuwah; cangkem kawula ngolok-olok satru kawula, awit kawula asuka-rena margi saking pitulungan Paduka.


Wong kang bebantahan kalawan Sang Yehuwah bakal padha disirnakake; padha didadekake gumeter dening Panjenengane kalawan gludhug ing langit. Sang Yehuwah ngadili bumi nganti tekan ing poncot-poncote; Panjenengane maringi karosan marang ratu kang dijumenengake, lan ngunggulake sunguning karosane wong kang dijebadi.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan