Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 1:68 - Kitab Sutji

68 “Pinujia Pangeran, Allahe Israel, sabab wis nuweni umate lan paring pangluwaran.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 1:68
24 Iomraidhean Croise  

Sarta pinujia Gusti Allah Ingkang Mahaluhur, dene sampun masrahaken mengsah jengandika wonten ing asta jengandika.” Rama Abram banjur ngaturake saprasepuluhe barang bandhangan mau.


“Pinujia Sang Yehuwah, Gusti Allahe bendaraku Abraham kang ora ngingkedi sihe kasetyane marang bendaraku, sarta Sang Yehuwah wus nuntun lakuku ana ing dalan kang anjog ing daleme para sadhereke!”


Banjur ngandika maneh: “Pinujia Sang Yehuwah, Allahe Sem, lan Kanaan iku dadia bature.


Pinujia asmane Sang Yehuwah, Gusti Allahe Israel, kang ing dina iki wus paring wong kang lungguh ing dhamparku, mangka aku dhewe isih diparengake nyumurupi.”


Sang Prabu ngandika: “Pinujia Pangeran Yehuwah, Allahe Israel, kang wus ngrampungake kalawan astane apa kang wus kapangandikakake kalawan lesane marang Sang Prabu Dawud, ramaku, mangkene:


Sang Prabu Dawud banjur memuji marang Pangeran Yehuwah ana ing ngarepe wong sapasamuwan iku kabeh. Unjuke Sang Prabu Dawud: “Pinujia Paduka dhuh Yehuwah, Gusti Allahipun leluhur kawula Israel, saking kalanggengan dumugi kalanggengan.


Sawuse mangkono Sang Prabu Dawud banjur ngandika marang wong sapasamuwan kabeh iku: “Padha memujia marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahira!” Wong sapasamuwan kabeh nuli padha memuji marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe para leluhure, tumuli padha jengkeng sujud marang Pangeran Yehuwah tuwin marang Sang Nata.


Pinujia Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe Israel, saka ing kalanggengan tumeka ing kalanggengan sarta umate kabeh padha ngucapa: “Amin!” Haleluya!


Umate pinaringan pangentasan, Gusti Allah dhawuh supaya prajanjiane iku kanggo ing salawas-lawase, asmane iku suci sarta nggegirisi.


Panjenengane kang bakal ngluwari Israel saka sakehing kaluputane.


Wondene menggah ing kawula, Paduka ngekahaken kawula margi saking temen kawula, sarta Paduka jejegaken wonten ing ngarsa Paduka ing salami-laminipun.


Bangsa mau banjur ngandel, sarta bareng krungu yen Pangeran Yehuwah wus nuweni marang wong Israel lan wus mirsani ing kasangsarane, temah padha jengkeng sujud.


supaya kita luwar saka ing mungsuh-mungsuh kita lan saka ing tangane kabeh wong kang padha sengit marang kita.


Kowe bakal kagempur nganti wrata karo lemah bareng karo anak-anakmu, sarta mungsuhmu ora bakal nglestarekake watu kang siji tumumpang ing watu liyane ing tembokmu, awit kowe ora nyumurupi wayahe anggone Gusti Allah nuweni kowe.”


Nalika iku dheweke iya mrono lan ngunjukake panuwun marang Gusti Allah, sarta nyaritakake bab Sang Timur mau marang sakabehing wong kang padha nganti-anti marang pangluwarane Yerusalem.


Mangka kula sadaya kala rumiyin sami gadhah pangajeng-ajeng, inggih Panjenenganipun punika ingkang rawuh badhe ngluwari bangsa Israel. Nanging sapunika sampun dumugi ing tigang dintenipun, sasampunipun punika wau sadaya kalampahan.


Kabeh wong padha wedi lan banjur padha ngluhurake Gusti Allah, pangucape: “Ana nabi agung kang jumeneng ing tengah-tengah kita, sarta Gusti Allah wis nuweni umate.”


Pinujia Gusti Allah lan Ramane Gusti kita Yesus Kristus, kang wus mberkahi kita ana ing Sang Kristus kalawan sarupane berkah kasukman kang ana ing swarga.


Sabab iya ana ing Panjenengane marga saka rahe, kita kaparingan tetebusan, yaiku pangapuraning dosa, manut gunging sih-rahmate,


sarta Panjenengane wus lumebet ing pasucen sapisan kanggo salawas-lawase, ora ngasta getihing wedhus lanang sarta getihing pedhet, nanging ngasta rahe piyambak. Lan marga saka iku Panjenengane wus ngangsalake panebus kang langgeng.


Pinujia Gusti Allah iya Ramane Gusti kita Yesus Kristus, kang marga saka gunging sih-palimirmane wis nglairake kita maneh tumuju marang urip kang kebak ing pangarep-arep lumantar wungune Gusti Yesus Kristus saka ing antarane wong mati,


Sang Dawud tumuli ngandika marang Abigail: “Pinujia asmane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe Israel, kang ngutus kowe methukake aku ing dina iki.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan