Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 1:67 - Kitab Sutji

67 Zakharia, bapakne, marga saka kapenuhan ing Roh Suci, banjur medhar wangsit, pangucape:

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 1:67
9 Iomraidhean Croise  

Rohe Sang Yehuwah medhar sabda lumantar aku, sabdane dumunung ana ing ilatku:


“Sawuse mangkono bakal kelakon, Ingsun bakal ngesokake RohingSun marang manungsa kabeh, temahan anakira lanang lan wadon bakal padha medhar wangsit; para pinituwanira bakal padha oleh pangimpen, lan nom-nomanira padha ndeleng wahyu.


Pangeran Yehuwah banjur tumedhak ing sajroning mega sarta ngandika marang Nabi Musa; karomaneh Roh kang dumunung ing Nabi Musa iku salong kapundhut, kaparingake marang para pinituwa pitung puluh iku. Kacarita bareng padha kadunungan Roh, tumuli padha medhar wangsit kaya nabi, nanging sawuse iku wus ora maneh.


Mulane mangkono awit iku bakal pinunjul ana ing ngarsaning Pangeran, lan bakal ora ngombe anggur utawa liya-liyane kang mendemi, sarta bakal kapenuhan ing Roh Suci wiwit saka ing guwagarbane ibune.


Kocapa nalika Elisabet krungu uluk-salame Maryam, bayi kandhutane nggronjal, wasana Elisabet banjur kapenuhan ing Roh Suci


Tumuli kabeh padha kapenuhan ing Roh Suci sarta banjur padha wiwit guneman nganggo basa-basa liya, bab kang kawisikake dening Roh supaya kalairake.


Kapriye dene kita dhewe-dhewe padha krungu anggone caturan nganggo basa kita dhewe, yaiku basa kang kita anggo ana ing nagara asal kita:


Ananias tumuli mangkat mrono lan lumebu ing omah kono. Saulus banjur ditumpangi tangan sarta tembunge: “Saulus, sadulurku, Gusti Yesus, kang wus ngatingal marang kowe ana ing dalan kang kokliwati, iku ngutus aku marani kowe, supaya kowe bisa ndeleng maneh lan kapenuhan ing Roh Suci.”


jalaran ora tau ana pamedhar-wangsit kang kawedharake saka kareping manungsa, nanging marga saka kawangsit dening Sang Roh Suci wong wong banjur padha calathu atas asmaning Allah.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan