Nanging Sang Yehuwah nunggil kalawan Yusuf, temah dadi wong kang tansah binarkahan ing sadhengah pagaweane, sarta kelilan manggon ing daleme bendarane, wong Mesir mau.
Nanging Nabi Elia kaayoman ing pangwaosing Pangeran Yehuwah. Panjenengane ngencengake paningsete banjur lumajeng ngrumiyini Sang Prabu Akhab nganti tekan ing dalan kang menyang ing Yizreel.
Kacarita bocah mau mundhak-mundhak gedhene lan saya kasantosakake rohe sarta banjur manggon ing pasamunan nganti tumeka ing dina anggone bakal ngaton marang Banisrael.
Panjenengane banjur kondur bebarengan karo kang rama lan kang ibu menyang ing Nasaret; sabanjure Panjenengane lestantun kaemong dening rama-ibune. Dene kang ibu nyathet prakara iku mau kabeh ana ing sajroning atine.
kagawa saka pangarep-arep marang apa kang wus digadhangake marang kowe ana ing swarga. Mungguh pangarep-arep mau ing sadurunge wus kokrungu saka ing Pangandikaning kayekten yaiku Injil,
Sawenehing abdine ana kang munjuk: “Sajatosipun kawula nate sumerep salah satunggaling anakipun Isai, tiyang Betlehem, ingkang pinter nylempung. Tiyang punika prawira gagah prakosa, satunggaling prajurit, ingkang pinter wicara, warninipun bagus, lan Sang Yehuwah nunggil kaliyan piyambakipun.”