Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 1:63 - Kitab Sutji

63 Zakharia nuli njaluk sabak lan nulis: “Jenenge kudu Yokanan.” Wong kabeh padha gumun.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 1:63
7 Iomraidhean Croise  

Katresnan lan kasetyan muga aja nganti ninggal kowe, iku kalungna ing gulumu, catheten ana ing papaning atimu;


Mulane saiki, sira mangkata, bab iku tulisen ing papan ana ing ngarepe mripate, lan sira cathetana ing kitab, supaya dadi paseksen kanggo ing mbesuk, nganti ing salawas-lawase.


“Dosane Yehuda iku wus tinulisan kalawan pen wesi, kang lancipe inten, ingukir ana ing papaning atine lan ana ing sungu-sunguning misbyahe


Ing kono Pangeran Yehuwah banjur paring wangsulan marang aku mangkene: “Wahyu iku sira tulisana, kacathetana kang cetha ana ing papan-papan, supaya kenaa diwaca dening wong kang liwat.


Bareng Gusti Yesus mireng kang mangkono iku, Panjenengane kaeraman, banjur ngandika marang kang padha ndherek: “Satemene pituturKu marang kowe: Pangandel kang samene gedhene iki Aku durung tau tumon ana ing satengahing bangsa Israel.


Nanging malaekat mau banjur ngandika: “Aja wedi, Zakharia, awit pandongamu wis kabul, lan Elisabet, bojomu, bakal nglairake anakmu lanang, iku jenengna Yokanan.


Nanging ibune calathu: “Aja, jenenge kudu Yokanan.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan