Nalika Rama Abram yuswa sangang puluh sanga taun, diketingali dening Sang Yehuwah sarta kadhawuhan mangkene: “Ingsun iki Allah Kang Mahakawasa, sira lumakua ana ing marginingSun lan ditanpa cacad.
Sawuse mangkono Sang Yehuwah nuli ngandika marang Rama Nuh: “Sira lan sabrayatira kabeh padha lumebua ing prau, amarga sira iku Sunpirsani tinemu resik ana ing antarane jinis iki.
amarga Sang Prabu Dawud wus nglampahi apa kang bener ana ing paningale Sang Yehuwah apadene ora nyimpang saka ing sakehe dhawuhe marang panjenengane ing sajege sugenge, kajaba mung tumrap prakara Uria, wong Het.
Anadene sira, manawa lakunira ana ing ngarsaningSun padha kaya Dawud, ramanira, kalawan ati mulus lan jujur sarta tumindakira nocogi sakehing dhawuhingSun marang sira, tuwin manawa sira tetep nglakoni sakehing katetepaningSun lan pranataningSun,
“Dhuh Yehuwah, Paduka karsaa ngengeti, bilih kawula sampun gesang wonten ing ngarsa Paduka kalayan setya saha tulusing manah punapadene kawula sampun nglampahi punapa ingkang sae wonten ing paningal Paduka.” Sang Prabu Hizkia tumuli muwun kang banget kae.
Pangeran Yehuwah banjur ndangu marang Iblis: “Apa sira nggatekake abdiningSun Ayub? Awitdene ing salumahing bumi ora ana wong kang madhani bab anggone jujur lan mursid tuwin ngabekti ing Allah, apadene anggone nyingkiri piala.”
Gusti Yesus banjur ngandika marang wong-wong mau: “Kowe iku padha mbenerake awakmu dhewe ana ing ngarepaning wong, nanging Gusti Allah nguningani isining atimu. Sabab apa kang dianggep pinunjul dening manungsa, iku sinengitan dening Allah.
Ing kutha Yerusalem ana sawijining wong jenenge Simeon, wong mursid lan ngabekti marang Allah, kang nganti-anti marang panglipuring Israel sarta kang ingayoman ing Roh Suci.
Awit Sang Prabu Dawud ngandika ing bab Panjenenganipun makaten: Aku tansah mandeng marang Pangeran, amarga Panjenengane jumeneng ing tengenku, satemah aku ora keguh.
Rasul Paulus banjur mandeng marang para warganing Pradata Agama sarta matur: “Para sadherek, ngantos dumugi dinten punika kula tetep gesang kalayan raosing manah ingkang resik wonten ing ngarsaning Allah.”
Iki kang dakagung-agungake, iya iku paseksene rumangsaning atiku, yen lakuku ana ing jagad iki, apa maneh ing bab gegayutanku karo kowe, iku marga saka dayaning temen lan murni kang saka ing Allah, ora marga saka dayaning kawicaksanan kadonyan, nanging marga saka sih-rahmating Allah.
Kabeh dalan kang ditedahake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe, iku ambahen, supaya kowe padha urip lan padha ginanjar slamet apadene dawa umurmu ana ing tanah kang bakal kokejegi.”
supaya kowe ora padha kaciren lan ora padha cacad, padha dadi putraning Gusti Allah kang tanpa cacad ing satengahing golongan kang kablinger lan mblasar iki, satemah ana ing satengahing wong-wong iku kowe sumunar kaya lintang-lintang ing jagad,
saiki wus dirukunake ana ing sarirane kadagingan Gusti Kristus sarana sedane, supaya kowe padha tinemu suci tanpa cacad lan resik anggonmu kasowanake ana ing ngarsane.
Muga Panjenengane karsaa nyantosakake atimu, supaya tanpa cacad lan suci ana ing ngarsane Gusti Allah iya Rama kita besuk samangsa Gusti Yesus, iya Gusti kita, rawuh ginarebeg ing sakehe para suci kagungane.
Mulane para kekasih, sajrone kowe padha nganti-anti marang iku mau, padha mbudidayaa supaya tinemu tanpa cacad sarta tanpa blentong ana ing ngarsane kalawan tentrem-rahayu.
He, anak-anakku, kowe aja gelem disasarake dening sapa bae. Sapa kang nindakake kayekten iku kadunungan kayekten, padha kaya Panjenengane iya asipat kayekten.