Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 1:55 - Kitab Sutji

55 kaya kang wis kaprasetyakake marang leluhur kita, marang Rama Abraham lan turun-turune, kanggo ing salawas-lawase.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 1:55
12 Iomraidhean Croise  

Sapa kang mberkahi sira mesthi bakal Sunberkahi, kang ngipat-ipati sira bakal Sunipat-ipati, sarta sira bakal dadi jalarane para bangsa ing salumahing bumi padha binerkahan.”


Nanging pangandikane Gusti Allah: “Ora, sanyata somahira Sara bakal nglairake anak patutan saka sira, iku sira jenengna Iskak, karo Iskak iku Ingsun bakal nganakake prajanjianingSun dadi prasetyan kanggo marang turun-turune.


karodene Ingsun bakal nganakake prajanjian ing antarane Ingsun kalawan sira saturunira nganti turun-tumurun dadi prasetyan kang langgeng, supaya Ingsun dadi Allahira lan Allahe turunira.


Karodene marga saka turunira iku sakehe para bangsa ing bumi bakal padha binerkahan; marga sira wus ngestokake dhawuhingSun.”


Karomaneh Ingsun bakal ngakehake turunira kaya lintang ing langit; lan turunira bakal Sunparingi tanah iki kabeh; sarta marga saka turunira sakehe bangsa ing bumi bakal binerkahan.


Turunira bakal dadi kaya lebuning bumi lan sira bakal ngambra-ambra mangetan, mangulon, mangalor lan mangidul, sarta marga saka sira lan turunira sakehe golongan ing bumi bakal padha kaberkahan.


Panjenengane nulungi Israel, abdine, awit enget marang rahmate,


Maryam anggone ana ing omahe Elisabet mau watara telung sasi, banjur mulih.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan