Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 1:54 - Kitab Sutji

54 Panjenengane nulungi Israel, abdine, awit enget marang rahmate,

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 1:54
16 Iomraidhean Croise  

Ana bengawan kang iline mbungahake kuthaning Allah, padalemane Kang Mahaluhur.


Pangeran Yehuwah wus ngengeti ing sih-kadarmane lan kasetyane marang kulawargane Rama Israel, sakehing poncoting bumi wus padha weruh marang karahayon kang saka Allah kita.


Ngelingana bab iki kabeh, he Yakub, sabab sira iku abdiningSun, he Israel. Ingsun kang wus mangun sira, sira iku abdiningSun; he Israel, sira ora Sunsupekake.


Apa Efraim iku dudu putraningSun kang kinasih utawa bocah klangenaningSun? Sabab samangsa Sunwelehake, Ingsun tansah kengetan marang dheweke, marga saka iku panggalihingSun trenyuh, ora kena ora Ingsun mesthi bakal paring piwelas. Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.


Sang Yehuwah ngatingali aku saka ing kadohan, pangandikane: Ingsun ngasihi sira klawan katresnan kang langgeng, mulane Ingsun nglestarekake sih-susetyaningSun marang sira.


Paduka mugi karsaa ngatingalaken kasetyan Paduka dhateng Rama Yakub, saha sih-palimirma Paduka dhateng Rama Abraham kados ingkang sampun Paduka prasetyakaken klayan supaos dhateng para leluhur kawula wiwit ing jaman kina!


Panjenengane ngluberake samubarang kang becik marang wong kang keluwen, lan wong kang sugih padha tinundhung legeh.


kaya kang wis kaprasetyakake marang leluhur kita, marang Rama Abraham lan turun-turune, kanggo ing salawas-lawase.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan