kang njejegake kaadilan tumrap wong kang padha ditindhes, kang paring pangan marang wong kang padha keluwen, Pangeran Yehuwah ngluwari wong kang padha kinunjara.
Ingsun bakal nganakake patamanan kang seger mbungahake, satemah ing tanah kono ora bakal ana wong kang mati kaliren, sarta ora ana maneh kang nandhang kawirangan kang saka ing para bangsa.
Pangandikane Gusti Yesus: “Aku iki roti panguripan; sing sapa marani Aku, iku ora bakal luwe maneh, sarta sing sapa pracaya marang Aku, iku ora bakal ngelak maneh.
Padha ngelingana bae para sadulur, kapriye kaananmu nalikane kowe padha katimbalan, miturut ukuraning manungsa ora akeh kang kalebu wong wasis, ora akeh wong kang kalebu gedhe wibawane, ora akeh wong kang kalebu bangsa luhur.
Kowe iku wus padha wareg, kowe wus padha dadi sugih, tanpa aku kowe wus padha dadi ratu. Wah saiba becike yen ta pancen nyata mangkono, manawa kowe wus padha dadi ratu, satemah aku iya padha melu dadi ratu karo kowe!
Sing sapa wareg dhisik, saiki bakal buruh golek pangan, nanging wong kang luwe dhisik, saiki bisa ngaso. Malah wong kang gabug, nglairake anak pitu, nanging wong kang sugih anak, dadi loyo.