LUKAS 1:51 - Kitab Sutji51 Panjenengane ngatingalake panguwaose kalawan pakaryaning astane lan mbuyarake wong kang angkuh atine. Faic an caibideil |
Bareng Sang Yehuwah mambet ganda arum, tumuli ngunandika mangkene: “Ing sabanjure Ingsun ora bakal nyupaosi bumi maneh jalaran saka manungsa, marga saobah-osiking atine manungsa iku dhasar ala wiwit nom mula; sarta ing sabanjure Ingsun ora bakal numpes maneh marang sarupane kumelip, kaya kang wus Suntindakake.
Karomaneh apa tau ana allah kang rawuh mundhut bangsa saka satengahe bangsa liya dadi kagungane, srana nindakake panyoba lan pratandha sarta kaelokan apadene perang, kalawan asta kang rosa lan lengen kang kaulukake lan kalawan pagiris kang ngedab-edabi, kaya kang wus ditandukake dening Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, kanggo kowe ana ing Mesir kang padha koksipati?