karodene Ingsun bakal nganakake prajanjian ing antarane Ingsun kalawan sira saturunira nganti turun-tumurun dadi prasetyan kang langgeng, supaya Ingsun dadi Allahira lan Allahe turunira.
kejaba marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahira, iku kang kudu sira bekteni. Manawa mangkono Panjenengane bakal ngluwari sira saka ing tangane sakehing mungsuhira.”
Aku arep ngrungokake apa kang dadi pangandikaning Allah, Pangeran Yehuwah. Rak tentrem rahayu kang bakal didhawuhake marang umate lan marang para kekasihe, supaya aja nganti bali marang ing kapunggungane maneh?
Tumuli keprungu swara saka ing dhampar: “Padha saosa puji marang Allah kita, he para abdi kabeh, sira kang padha wedi-asih marang Panjenengane, kang cilik lan kang gedhe!”