LUKAS 1:49 - Kitab Sutji49 jalaran Kang Mahakuwasa wis nindakake pakaryan-pakaryan kang pinunjul marang aku sarta suci asmane. Faic an caibideil |
Awit mangkene pangandikane Kang Mahaluhur lan Kang Mahamulya, kang lenggah ing dhampar ing salawase lan kang asma Kang Mahasuci: “Ingsun lenggah ing papan kang dhuwur lan suci nanging uga nunggil karo wong kang rempu lan andhap-asor, prelu nyantosakake atine para wong kang andhap-asor sarta nguripake atine para wong kang rempu.
“Sapa ta kang rawuh saka ing Edom, kang rawuh saka ing Bozra kalawan ngagem rasukan abang iku, kang katon mawa cahya marga saka pangagemane kang kaya mangkono iku, kang lumampah kalawan ngagem kakiyatan kang linuwih iku?” “Iya Ingsun iki, kang janji bakal paring pangadilan, lan kang kagungan kwaos paring pangluwaran!”
Nanging Sang Yehuwah nunggil kaliyan kawula kados sang prawira ingkang prakosa, pramila ingkang mbujeng kawula badhe kesandhung lan dhawah, lan boten saged nindakaken punapa-punapa. Sami badhe nandhang wirang sanget, amargi sami boten angsal damel; punika badhe dados kawirangan, ingkang salaminipun boten saged dipun supekaken!