Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 1:46 - Kitab Sutji

46 Maryam banjur ngucap mangkene: “Nyawaku ngluhurake Pangeran

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 1:46
15 Iomraidhean Croise  

Nanging kawula badhe asurak-surak margi saking Pangeran Yehuwah, sarta badhe suka pari suka margi saking paringipun pitulungan.


nanging turune Israel kabeh bakal kacihna manawa bener lan bakal rumangsa begja ana ing ngarsaning Pangeran Yehuwah.”


Ingsun asukarena ana ing Pangeran Yehuwah, nyawaningSun asurak-surak ana ing AllahingSun, awit Ingsun ingageman busananing karahayon sarta diagemi jubahing kabeneran, kayadene penganten lanang kang nganggo rerenggan sirah tuwin kaya penganten wadon kang nganggo pepasrene.


Lan ora ngamungake mangkono bae, kita malah iya bakal padha ngalembana marang Gusti Allah marga dening Gusti Yesus Kristus, Gusti kita, kang dadi margane anggon kita wus padha oleh pirukun iku.


supaya cundhuka karo kang katulisan, wiraose: “Sing sapa ngegung-egungake, iku ngegungna mungguh ing Pangeran.”


Nanging puji sokur konjuk ing Gusti Allah, kang ana ing patunggilane Sang Kristus tansah nuntun aku kabeh ana ing dalaning kaunggulane. Lan lumantar aku aruming kawruh tumrap Panjenengane sumebar ing saenggon-enggon.


Awit iya kita iki kang tetakan ing sabenere, kang padha ngabekti dening Rohe Gusti Allah lan nggunggung ana ing Sang Kristus Yesus lan ora ngandel marang prakara-prakara kadagingan


Padha tansah bungah-bungaha ing sajroning Gusti! Dakpindhoni maneh pituturku: Padha bungah-bungaha!


Muga Gusti Allah kang kagungan tentrem-rahayu iku nucekake kowe ing sasampurnane lan muga roh, jiwa lan badanmu rineksa becik kalawan tanpa cacad, besuk rawuhe Gusti Yesus Kristus, Gusti kita.


Panjenengane kang koktresnani sanadyan ora tau kokdeleng sarta kokpracaya sanadyan saiki ora koksipati: Kowe padha sukarena, marga saka anane kabungahan kang mulya lan kang ora kena kinira-kira,


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan