Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 1:45 - Kitab Sutji

45 Lah rahayu, kang wis pracaya iku, sabab apa kang dipangandikakake dening Pangeran marang wong iku, mesthi bakal kalakon.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 1:45
9 Iomraidhean Croise  

Glepung ing wadhah ora entek-entek lan lenga ing guci ora suda, cocog karo pangandikaning Pangeran Yehuwah, kang kalairake lumantar Nabi Elia.


Wong wadon iku nuli mundur saka ing ngarsane; sawuse lumebu ing omah karo anak-anake, lawange banjur dikancing; anak-anake padha nyedhakake wadhah-wadhah marang ibune, dene ibune terus bae anggone ngiseni.


Esuke uthuk-uthuk wus padha lumebu menyang ing pasamunan ing Tekoa. Nalika arep padha mangkat, Sang Prabu Yosafat jumeneng lan ngandika: “Padha ngrungokna, he Yehuda lan wong Yerusalem! Sira padha pracayaa marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahira, lan sira bakal padha tetep santosa! Padha pracayaa marang para nabine lan sira bakal padha oleh gawe!”


Lah, kowe bakal bisu lan ora bisa caturan nganti tekan titimangsa kalakone iku kabeh, amarga kowe ora ngandel marang kandhaku kang mesthi bakal kalakon ing wektu kang wis katamtokake.”


Amarga sanyatane, bareng uluk-salammu tumama ing kupingku, bayi kandhutanku nggronjal, marga saka senenge.


Sabab Panjenengane wis ngudaneni asoring abdine. Lah wiwit saiki sakehing turun bakal ngarani aku rahayu,


Pangandikane Gusti Yesus: “Apa Aku ora wus tutur marang kowe: Angger kowe pracaya mesthi bakal weruh kamulyaning Allah?”


Pangandikane Gusti Yesus: “Amarga kowe wus ndeleng Aku, temah kowe kumandel. Rahayu wong kang padha ora ndeleng, nanging kumandel.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan