Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 1:43 - Kitab Sutji

43 Sapa ta aku iki, dene nganti karawuhan ibune Gustiku?

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 1:43
15 Iomraidhean Croise  

Masmur anggitane Prabu Dawud. Pangandikanipun Pangeran Yehuwah dhateng Gusti kawula makaten: “Sira lenggaha ana ing tengeningSun, nganti tumeka mungsuhira wus padha Sundadekake ancik-anciking tlapakanira.”


Nalika Gusti Yesus lagi ngandika marang wong akeh iku, ingkang ibu lan sadherek-sadhereke padha ana ing jaba, ngarah ketemu karo Panjenengane.


Nanging nabi Yokanan menggak, unjuke: “Kawula ingkang prelu Paduka baptis, lah kok Paduka ngrawuhi kawula.”


sarta kalawan sora calathu: “Kowe iku binarkahan ana ing antarane wong wadon kabeh, apamaneh binarkahana wohing kandhutanmu.


Amarga sanyatane, bareng uluk-salammu tumama ing kupingku, bayi kandhutanku nggronjal, marga saka senenge.


Ing dina iki wis miyos Juru-slametmu, yaiku Sang Kristus, kang jumeneng Gusti, ana ing kuthane Dawud.


awit saking punika kawula inggih sampun rumaos boten pantes sowan ing ngarsa Paduka. Nanging Paduka mugi karsaa ngandika satembung kemawon, rencang kawula tamtu badhe saras.


Kowe padha nyebut Aku Guru lan Gusti, lan panyebutmu iku wus bener, awit Aku iki pancen Guru lan Gusti.


Tomas mangsuli, unjuke: “Dhuh Gusti kawula, Allah kawula!”


sepi ing pamrih utawa pangalembana kang tanpa guna. Nanging kosokbaline kalawan andhap asor kang siji nganggepa marang sijine luwih utama tinimbang awake dhewe;


Malah samubarang kabeh dakanggep kapitunan, marga wanuh marang Sang Kristus Yesus, Gustiku, iku mulyane ngungkuli kabeh-kabeh mau. Iya marga saka Panjenengane iku aku wus mbuwang samubarang kabeh iku lan dakanggep larahan, supaya aku oleh Sang Kristus


Rut tumuli sujud nyembah raine konjem ing bumi sarta matur: “Margi saking punapa dene kula manggih kawelasan wonten ing ngarsa panjenengan, kok panjenengan ngantos nggatosaken dhateng kula, tiyang sanes bangsa?”


Wong wadon iku tumuli gumregah ngadeg, sujud nyembah sumungkem raine konjem ing bumi sarta matur: “Abdi paduka punika saestu kepengin dados parekan ingkang ngwisuhi sukunipun para abdi paduka punika.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan