Bareng bayine padha suk-sukan ana ing guwa-garbane, Ibu Ribkah ngunandika: “Manawa kaya mangkene yagene aku urip?” Banjur tindak nyuwun pitedah marang Sang Yehuwah.
Mulane mangkono awit iku bakal pinunjul ana ing ngarsaning Pangeran, lan bakal ora ngombe anggur utawa liya-liyane kang mendemi, sarta bakal kapenuhan ing Roh Suci wiwit saka ing guwagarbane ibune.
Mulane, para sadulur, padha miliha wong pitu saka ing antaramu, kang wus katitik becik, lan kapenuhan ing Roh sarta kawicaksanan, supaya kenaa dakangkat kanggo bubuhan iku
Ananias tumuli mangkat mrono lan lumebu ing omah kono. Saulus banjur ditumpangi tangan sarta tembunge: “Saulus, sadulurku, Gusti Yesus, kang wus ngatingal marang kowe ana ing dalan kang kokliwati, iku ngutus aku marani kowe, supaya kowe bisa ndeleng maneh lan kapenuhan ing Roh Suci.”