38 Maryam banjur munjuk, “Sumangga, kawula punika abdinipun Pangeran, kadhatengana kadosdene ingkang Paduka ngandikakaken.” Sawise mangkono malaekat banjur tindak, niar Maryam.
Dhuh Yehuwah, kawula punika abdi Paduka, inggih estu abdi Paduka, anakipun parekan Paduka; Paduka ingkang sampun nguculi bebandan kawula.
Abdi Paduka mugi kaparingana santosaning prasetyan Paduka, ingkang kaparingaken dhateng tiyang ingkang ngabekti dhumateng Paduka.
Amarga tumraping Allah ora ana barang kang mokal.”
Nalika samana Maryam banjur enggal-enggal mangkat menyang kutha ing pagunungan tanah Yehuda.
Sabab Panjenengane wis ngudaneni asoring abdine. Lah wiwit saiki sakehing turun bakal ngarani aku rahayu,
Rak ana tulisan, yen Rama Abraham iku kagungan putra loro ta, kang siji saka abdi lan sijine saka wanita mardika?