Tumraping Yehuwah apa ana kang mokal? Ing wektu kang wus katetepake iku, yaiku setaun engkas Ingsun bakal ngrawuhi sira maneh, nuli Sara bakal duwe anak lanang.”
Dhuh Pangeran Yehuwah! Saestu Paduka punika ingkang nitahaken langit tuwin bumi, kaliyan karosan Paduka ingkang ageng, lan asta Paduka ingkang kaegaraken. Boten wonten barang ingkang mokal kagem Paduka!
Pangandikane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi: Manawa lelakon ing wektu iku diarani aneh dening kekarene bangsa iki, apa Ingsun iya bakal mastani aneh uga? Mangkono pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi.
Nanging pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Musa: “Apa ta pangwasane Pangeran Yehuwah iku kurang kanggo nindakake kang mangkono iku? Ing samengko sira bakal sumurup apa kang Sundhawuhake iku bakal kelakon tumrap sira kabeh!”
Gusti Yesus banjur mandeng marang para sakabat sarta ngandika: “Tumraping manungsa bab iku mokal, nanging mungguhing Allah samubarang kabeh bisa kalakon.”
Gusti Yesus mirsani wong mau kabeh lan ngandika: “Tumraping manungsa iku mokal, nanging ora mangkono tumraping Allah. Amarga tumraping Allah samubarang kabeh bisa kalakon.”
Maryam banjur munjuk, “Sumangga, kawula punika abdinipun Pangeran, kadhatengana kadosdene ingkang Paduka ngandikakaken.” Sawise mangkono malaekat banjur tindak, niar Maryam.
kang bakal nyantuni badan kita kang nistha iki, temahan dadi madha rupa karo sarirane kang mulya, manut panguwaose kang bisa nelukake samubarang kabeh marang Panjenenane.