Ibu Sara nggarbini sarta mbabar putra kakung patutan saka Rama Abraham nalika Rama Abraham wus sepuh, ing waktu kang wus ditetepake, cocog karo pangandikaning Allah marang panjenengane.
Paring wangsulane malaekat: “Roh Suci bakal nedhaki kowe, sarta kuwasane Kang Mahaluhur bakal ngayomi kowe; mulane Putra kang bakal miyos iku bakal kasebut suci, Putraning Allah.
Nalika jamane Sang Prabu Herodhes, nata ing tanah Yudea, ana sawijining imam, jenenge Zakharia, kalebu golongan Abia. Bojone uga trahe Harun, jenenge Elisabet.
Marga saka pracaya, dalah Ibu Sara kaparingan kakiyatan nedhakake putra-wayah, sanadyan wus lungse ing yuswa; amarga ngugemi manawa kang maringi prasetya iku setya.