Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 1:35 - Kitab Sutji

35 Paring wangsulane malaekat: “Roh Suci bakal nedhaki kowe, sarta kuwasane Kang Mahaluhur bakal ngayomi kowe; mulane Putra kang bakal miyos iku bakal kasebut suci, Putraning Allah.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 1:35
26 Iomraidhean Croise  

Punapa nate wonten tiyang resik katuwuhaken dening tiyang jember? Satunggal kemawon temtu boten wonten!


mendahane maneh wong kang jember tuwin awatek dursila kang nyruput duraka kaya banyu.


Manungsa kapriye anggone bisa bener ana ing ngarsaning Allah? Tuwin kang lair saka wong wadon kapriye anggone suci?


Aku arep ngandhakake kekancingane Sang Yehuwah; pangandikane marang aku: “Sira iku putraningSun! Ingsun kang mutrakake Sira ing dina iki.


Amargi kawula ngrumaosi panerak kawula, saha dosa kawula tansah wonten ing ngajeng kawula.


Anadene miyose Gusti Yesus Kristus iku sejarahe mangkene: Nalika Maryam kang ibu lagi pacangan karo Yusuf, sadurunge tunggal sapaturon, tinemu wus ngandheg marga saka Sang Roh Suci.


Nanging bareng lagi duwe gagasan mangkono iku, tumuli ana malaekating Pangeran ngatingali sajroning pangimpen, dhawuhe: “He, Yusuf, tedhake Dawud, aja sumelang anggonmu ngepek Maryam dadi bojomu, awit Putra kang kabobotake iku marga saka Roh Suci,


Wong saisine prau padha sujud ana ing ngarsane lan matur: “Paduka punika saestu Putraning Allah.”


Panggedhening prajurit dalah para wadyabalane sing padha njaga Gusti Yesus, bareng weruh lindhu lan apa kang wis kalakon, padha wedi, lan padha calathu mangkene: “Sanyata Panjenengane iku Putraning Allah.”


Juru panggodha banjur sowan ing ngarsane sarta munjuk mangkene: “Manawi Panjenengan Putraning Allah, sumangga sela-sela punika Panjenengan sabdakaken dados roti.”


Iki wiwitane Injile Gusti Yesus Kristus, Putraning Allah.


“Paduka tumut-tumut punapa kaliyan kawula, dhuh Gusti Yesus saking Nasaret? Rawuh Paduka punapa badhe nyirnakaken kawula? Kawula mangretos Paduka punika sinten: Ingkang asipat suci, kagunganipun Allah.”


manggihi prawan kang pacangan karo wong kang aran Yusuf, tedhake Sang Prabu Dawud. Prawan mau jenenge Maryam.


Maryam banjur matur marang malaekat mau: “Punika sagedipun kalampahan kadospundi, jalaran kawula dereng emah-emah?”


Lah Elisabet, sanakmu, kang wis tuwa iku, iya lagi ngandhut anak lanang, dene saprene wis nem sasi, mangka wis diarani gabug.


Anadene aku wus ndeleng lan nekseni yen iku Putraning Allah.”


Natanael munjuk maneh: “Dhuh Rabbi, Paduka punika Putranipun Allah, Paduka punika Ratunipun Israel.”


nanging kabeh kang kamot ing kene, iku katulisan supaya kowe padha pracaya, yen Gusti Yesus iku Sang Kristus, Putrane Gusti Allah, sarta supaya srana pracayamu kowe padha nduwenana urip ana ing Asmane.


Sakarone padha nglajengake tindake, nuli rawuh ing papan kang ana banyune. Priyagung mau banjur ngandika: “Lah punika wonten toya. Punapa wonten pambenganipun, bilih kula dipun baptis?”


lan miturut Rohing kasucen, kang kayekten ana ing wungune saka ing antarane wong mati, manawa Panjenengane iku Putrane Gusti Allah kang kuwaos, yaiku Gusti Yesus Kristus, Gusti kita.


nanging kula gesang, namung kemawon sanes kula piyambak malih ingkang gesang, namung Sang Kristus ingkang gesang wonten ing kula. Wondene gesang kula ingkang kula sandhang ing daging sapunika, punika gesang margi saking pitados dhumateng Putraning Allah ingkang sampun ngasihi kula saha sampun masrahaken sariranipun kangge kula.


Satemene biyen aku kabeh uga padha kaetung klebu ing antarane wong-wong iku, nalika urip ana ing sajroning hawa-nepsuning daging lan nuruti pakaremane daging lan pangangen-angenku kang ala. Pancena aku kudu padha kaparingan bebendu, kayadene wong-wong liyane.


Awit Imam Agung kita iku dudu imam agung kang ora bisa ngrasakake sakehing kaapesan kita nanging malah kang padha karo kita; Panjenengane wis ngalami kagodha nanging ora damel dosa.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan