Awit saking punika Pangeran piyambak ingkang badhe paring pratandha dhumateng panjenengan dalem: Lah Sang Kenya badhe nggarbini saha badhe mbabar putra kakung sarta badhe ngasmakaken putranipun wau Imanuel.
Nanging malaekat mau banjur ngandika: “Aja wedi, Zakharia, awit pandongamu wis kabul, lan Elisabet, bojomu, bakal nglairake anakmu lanang, iku jenengna Yokanan.
Bareng wis ganep wolung dina, Sang Timur disupiti lan asmane katetepake Yesus, yaiku asma kang dipangandikakake dening malaekat sadurunge Panjenengane kinandhut ing guwa-garba.