sira aja wedi, sabab Ingsun nganthi marang sira, sira aja melang-melang, awit Ingsun iki Allahira. Ingsun bakal nyantosakake, malah bakal mitulungi sira; Ingsun bakal nganthi sira kalawan astaningSun tengen kang njalari menang.
Sira aja wedi, he si cacing Yakub, he si uler Israel! Iya Ingsun iki kang mitulungi sira, mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah, lan nebus sira iku Kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel.
Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah kang nitahake sira, kang mangun sira wiwit ing wetengan tuwin kang mitulungi sira: Sira aja wedi, he abdiningSun Yakub, sarta he Yesyurun, kang wus Sunpilih!
Nanging malaekat mau banjur ngandika: “Aja wedi, Zakharia, awit pandongamu wis kabul, lan Elisabet, bojomu, bakal nglairake anakmu lanang, iku jenengna Yokanan.
sarta ngandika: “Aja wedi, Paulus! Kowe kudu sowan marang ing ngarsane Sang Nata Agung lan sanyatane marga sih-rahmating Allah, kabeh wong kang bebarengan karo kowe ana ing prau iki bakal padha slamet, marga saka kowe.