Panjenengane banjur kondur bebarengan karo kang rama lan kang ibu menyang ing Nasaret; sabanjure Panjenengane lestantun kaemong dening rama-ibune. Dene kang ibu nyathet prakara iku mau kabeh ana ing sajroning atine.
Nalika Rasul Petrus lagi kodheng ing bab maknaning wahyu, kang mentas ditampeni mau, wong-wong kang dikongkon dening Kornelius, sawise takon-takon bab dalem pamondhokane Rasul Petrus, wis ana ing ngarep regol,
Kornelius mandeng marang malaekat mau lan matur kalawan wedi: “Wonten punapa, Gusti?” Paring wangsulane malaekat mau: “Kabeh pandongamu lan sedhekahmu wus padha sumengka marang ing ngarsaning Allah sarta Gusti Allah enget marang kowe.