Sira aja wedi, awit Ingsun nganthi marang sira, Ingsun bakal ndhatengake anak-putunira saka ing wetan, sarta Ingsun bakal nglempakake sira saka ing kulon.
kalawan ngandika: “Heh wong kang kinasihan, aja wedi, tentrem rahayu anaa ing kowe, sing santosa, sing santosa!” Sajrone aku dipangandikani mangkono iku, aku rumangsa banjur dadi kuwat maneh lan matur: “Kawula aturi ngandika, dhuh Bendara kawula, awit kawula sampun kaparingan kakiyatan.”
Kabeneran Boas teka saka ing Betlehem. Pangandikane marang kang padha derep: “Pangeran Yehuwah muga nunggila karo kowe.” Wangsulane wong kang padha derep: “Pangeran Yehuwah mugi mberkahana panjenengan.”