Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 1:22 - Kitab Sutji

22 Bareng metu, ora bisa ngucap marang wong akeh iku, banjur padha mangreti, yen Zakharia mentas tampa wahyu ana ing Padaleman Suci. Wasana mung aweh sasmita bae jalaran tetep bisu.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 1:22
8 Iomraidhean Croise  

apadene ilatira bakal Sundadekake kraket ing cethakira, satemah sira dadi bisu lan ora bakal bisa melehake wong-wong iku, awit iku jinis kang awatek mbalela.


Kacarita wong akeh, kang padha ngenteni Imam Zakharia, padha gumun, dene suwe temen anggone ana ing Padaleman Suci.


Bareng ing dina rampunging kawajibane, Zakharia banjur mulih.


Banjur padha takon marang bapakne kanthi sasmita, bakal dijenengake sapa.


iku disasmitani dening Simon Petrus sarta dicalathoni: “Nyuwuna pirsa sapa kang dipangandikakake iku.”


Nanging Rasul Petrus tumuli paring sasmita, supaya padha meneng, banjur padha dicaritani, kapriye anggone Gusti nuntun medal saka ing pakunjaran. Pangandikane: “Yakobus lan para sadulur kita padha wenehana sumurup bab iki.” Banjur miyos lan tindak menyang ing panggonan liya.


Banjur ana wong kang jenenge Aleksander kang dipurih maju dening wong-wong Yahudi. Iku tampa katrangan saka wong akeh bab apa kang kalakon. Iku banjur kumlawe tangane, arep aweh katrangan minangka panjawab marang wong akeh iku.


Bareng Rasul Paulus wis dililani dening panggedhening prajurit mau, banjur jumeneng ing undhak-undhakan, tumuli kumlawe astane murih sirepe wong akeh mau. Bareng wis padha sirep, panjenengane banjur ngandika ing basa Ibrani mangkene:


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan