Bareng Gusti Yesus mireng kang mangkono iku, Panjenengane kaeraman, banjur ngandika marang kang padha ndherek: “Satemene pituturKu marang kowe: Pangandel kang samene gedhene iki Aku durung tau tumon ana ing satengahing bangsa Israel.
Lah, kowe bakal bisu lan ora bisa caturan nganti tekan titimangsa kalakone iku kabeh, amarga kowe ora ngandel marang kandhaku kang mesthi bakal kalakon ing wektu kang wis katamtokake.”
Bareng metu, ora bisa ngucap marang wong akeh iku, banjur padha mangreti, yen Zakharia mentas tampa wahyu ana ing Padaleman Suci. Wasana mung aweh sasmita bae jalaran tetep bisu.