Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 1:20 - Kitab Sutji

20 Lah, kowe bakal bisu lan ora bisa caturan nganti tekan titimangsa kalakone iku kabeh, amarga kowe ora ngandel marang kandhaku kang mesthi bakal kalakon ing wektu kang wis katamtokake.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 1:20
22 Iomraidhean Croise  

Nalika iku panggedhening prajurit mau matur marang abdining Allah: “Sanadyan Pangeran Yehuwah damel cendhela-cendhela wonten ing langit, bab punika kados pundi sagedipun kalampahan?” Nanging Nabi Elisa ngandika: “Lah kowe bakal sumurup kalawan mripatmu dhewe, nanging ora bakal melu mangan.”


Nanging panggedhening prajurit, kang dadi ajudane Sang Nata, mangsuli marang abdining Allah, ature: “Sanadyan Sang Yehuwah damel cendhela-cendhela wonten ing langit, punapa saged ingkang makaten punika?” Paring wangsulane abdining Allah: “Lah kowe bakal nyumurupi iku kalawan mripatmu dhewe, nanging ora bakal melu mangan.”


Nanging Sang Yehuwah ngandika: “Sapa kang nitahake ilate manungsa, lan sapa kang nitahake wong bisu utawa budheg, wong melek utawa wong wuta? Apa dudu Ingsun, Yehuwah?


Lan Samaria iku ibu-kotane Efraim, sarta anake Remalya iku sesirahe Samaria. Manawa sira padha ora pracaya, sira ora bakal padha tulus santosa.”


Ing dina iku cangkemira bakal kabukak lan sira bakal caturan karo wong kang oncat mau sarta banjur ora lestari bisu. Mangkono anggonira dadi pralambang tumrap para wong mau tuwin iku banjur padha sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah.”


apadene ilatira bakal Sundadekake kraket ing cethakira, satemah sira dadi bisu lan ora bakal bisa melehake wong-wong iku, awit iku jinis kang awatek mbalela.


Nalika bab iki dipangandikakake marang aku, aku tumungkul kalawan njenger.


Nanging Pangeran Yehuwah tumuli ngandika marang Nabi Musa lan Imam Harun: “Sarehne sira ora kumandel marang Ingsun lan padha ora ngajeni pangwasaningSun ana ing sangarepe wong Israel, mulane sira padha ora kalilan ngirid pasamuwan iki lumebu ing tanah kang bakal Sunparingake.”


Sawuse mangkono Gusti Yesus ngatingal marang sakabat sawelas, nalika lagi padha mangan, sarta banjur padha ditutuh bab cupeting pangandele lan dableging atine, dene kok padha ora ngandel marang critane wong-wong kang wis padha ndeleng Panjenengane sawuse wungu.


Gusti Yesus banjur ngandika: “Heh, jinis kang ora duwe pangandel, nganti pira lawase anggonKu kudu tetunggalan karo kowe? Nganti pira lawase anggonKu kudu nyabari kowe? Bocahe prenekna!”


Paring wangsulane malaekat: “Aku iki Gabriel sing ngladosi Gusti Allah lan aku diutus ndhawuhi kowe, sarta nglantarake pawarta kabungahan iki marang kowe.


Kacarita wong akeh, kang padha ngenteni Imam Zakharia, padha gumun, dene suwe temen anggone ana ing Padaleman Suci.


Bareng metu, ora bisa ngucap marang wong akeh iku, banjur padha mangreti, yen Zakharia mentas tampa wahyu ana ing Padaleman Suci. Wasana mung aweh sasmita bae jalaran tetep bisu.


Lah rahayu, kang wis pracaya iku, sabab apa kang dipangandikakake dening Pangeran marang wong iku, mesthi bakal kalakon.”


Padha sanalika cangkeme lan ilate padha kabuka lan banjur bisa calathu lan ngluhurake Gusti Allah.


Dadine kapriye, manawa ana ing antarane wong-wong mau ana kang ora setya, apa bab anggone ora setya mau bisa njalari wurunging prasetyane Gusti Allah?


manawa kita ora setya, Panjenengane tetep setya, awit Panjenengane ora bisa nyelaki sarirane piyambak.”


alandhesan pangarep-arep marang urip langgeng kang sadurunge purwaning jaman wus kaprasetyakake dening Gusti Allah kang ora dora,


supaya marga prakara loro kang tetep, mokal manawa Gusti Allah cidra, kita kang ngupaya pangayoman, oleh pangatag-atag kang kuwat amrih nggayuh marang pangarep-arep kang kagantungake.


Sapa wong kang Sunkasihi iku Sunwelehake lan Sunrangket; marga saka iku sing sumarah lan mratobata!


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan